12 Mei 2013

Kelingan Ahmad Tohari


#Banyumasan

Dengaren...
Tengah wengi ndadak kelingan lilike Ahmad Tohari. Utamane sih kelingan penjalukane deweke kon nguri-uri budaya Banyumasan khususe nang bidang sastra.

Wektu kuwe, nyong ra teyeng janji nulis fiksi. Soale mbuh kenangapa siki angel kon gawe crita sing dasare lamunan. Padahal jaman sekolah biyen eslem banget gawe tulisan kaya kuwe. 

Malah teyeng go nambaih biaya sekolah ngirim-ngirim tulisan meng Aneka Yess apa majalah liane sing isine crita cindek. Lumayan koh, wong jaman rames sepiring 150 perak, nek critane demuat olih bayaran 150 ewu.

Rumangsa wis kangelan gawe crita fiksi, nyong janji meng awake dewek arep nganakna lomba nulis nganggo basa ngapak setaun pisan. Biyen lombane tahun 2010, nganti siki urung kober gawe acara kaya kuwe maning. Padahal sing melu ya ora sitik. Biaya go hadiah karo ongkos ngirim mung ntek 2 jutaan. Ngasi ora teyeng nganaknya maning, apa enggane ora dianggep kebangetene ora eling..?

Lik Ahmad Tohari biyen uga janji, nek ana sing tulisane maen deweke gelem ngrewangi nglebokna meng Kompas. Janjane kuwe peluang maen pisan go kanca-kanca sing seneng nulis tur esih kelingan maring budayane dewek.

Sing tesih nanceb nang ati, lik Ahmad Tohari ngomong kaya kiye. "Nyong agame Islam. Tapi agama karo budaya aja dicampur aduk. Men nyong wis kaji, nyong tetep wong Banyumas. Ora bakal dadi wong Arab apa sok ngarab. Novele nyong wis diterjemahna maring 8 bahasa. Ora urusan nulise nganggo basa bule, sing tek angkat tetep budayane Banyumas..."

Dongakna baen nyong teyeng nerusna niat sing wis meh 3 taun urung ana buktine. Jujur nyong sok ngenes nek ndeleng wong sing jere asli Banyumas, tapi kon nulis nganggo basane dewek koh bebeh. Kayonge koh ina temen nek nulis ngapak. Ora kaya nek ngecuprus sok ngarab apa nganggo basane bule...

Sing gede pangapurane, lik...
Suwun...


Intine
Ora urus diomong nglawan arus
Budayane dewek sapa sing arep nglestarikna nek dudu awake dewek...



20 comments:

  1. Yah wis, angger arep gawe lombane nyong melu mbantoni bae, ya.

    BalasHapus
  2. Iya mulane nulis ngapak terus ya...

    BalasHapus
  3. Mbuh cum.. ngarangmu lebih nggilani jebulnya. Si baju merah di teras suaranya nyaring jan... terbayang di pelupuk mata.. mumbengi ge lagi lembur diiringi udan koh teka dewek bayanganmu bu.. asli ra goroh... dosa mboran yoh

    BalasHapus
  4. pancen budayane dewek yo awake dewek sing kudu nglestarekne ...

    BalasHapus
    Balasan
    1. kuwe teorine, lik
      prakteke deneng angel yah..?

      Hapus
  5. iki sing ngarang ronggeng dukuh paruk ya mas, ijek gesang tha uwonge

    BalasHapus
    Balasan
    1. leres, lik...
      taksih sehat wal andong

      Hapus
    2. alhamdulillah salam buat beliau

      Hapus
    3. ngesuk nek dolan nganah maning, lik...

      Hapus
  6. Salah siji favoritku Kang ye dolan ning kene.

    BalasHapus
  7. kuwe apek temenan cita2xne...
    rika kudu isoh lah nganakake lomba nilus...pak lik'e ben seneng

    BalasHapus
    Balasan
    1. mbuh kiye kapan maning teyeng nganakna lomba
      jal ngesuk tek golet pasukan dimin...

      Hapus
  8. kanggo kanca2 banyumasan aja pada kuatir biaya arep di tanggung kang rawin kabeh, wis monggo di gawe acarane........tenang bae duit hutane akeh bangeeet.....!! hhheee

    BalasHapus
    Balasan
    1. lah ya sitik sitik dinggo nyumbang pelestariane budayane dewek...

      Hapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena