Tampilkan postingan dengan label ngapak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label ngapak. Tampilkan semua postingan

01 Maret 2020

Arti Kata Tutuk

Pertanyaan : Apa arti kata tutuk?

Jawaban :

Dalam bahasa Jawa, secara harfiah tutuk itu berarti mulut. Namun kadang dipakai untuk bahasa kiasan juga, misal : "tutuke boten pareng saru" (bicaranya tidak boleh tak sopan)

Yang hampir mirip adalah kata thuthuk (dikasih penekanan pada t) yang artinya pukul namun dalam penggunaannya lebih lebih identik dengan jitak, memukul dengan ruas jari ditekuk. Misal : "thuthuk sisan ndase…" (jitak sekalian kepalanya)

Bila proses mukulnya menggunakan alat, cenderung digunakan untuk alat yang bagian pemukulnya relatif kecil, misal thuthuk palu (pukul pakai palu). Alat pemukul yang relatif besar atau lebar, lebih banyak menggunakan istilah antem.

Ada lagi kata tutug (terdengar mirip tutuk karena g dibaca agak lemah) yang artinya selesai. Misal : "Le mangan wis tutug durung?" (makannya sudah selesai apa belum)

Ini cuma kondisi umum. Beda dialek kadang beda penggunaan.
Kira-kira begitu. Terima kasih

Salam, Rwn

Repost dari Quora
Read More

12 Januari 2014

Mendhem Oplosan

#Banyumasan

Watuk ora mari-mari...

Ngapeli dokter perusahaan diweine pil terus. Njaluk sing sirup, doktere malah semaur, "siki lagi musim tablet, pak.."

Sidane meng kota tuku dewek obat sing semriwing. Dadine mandan penak nang gulu ora patia gatel.

Tapi genah pegaweane ora adoh kan kebul batubara, mari sedela wis gatel maning. Sidane nginum obat kaya lagi ngopi. Asal gatel sruput, gatel maning ya sruput maning...

Obat sebotol sing kudune jatah 3 dina, sedina wis ntek. Watuke mari ora malah klenger. Cara bulene ndeyan oper dosis. Isuk-isuk ora teyeng menyat malah kaya wong nyidam dela dela hoek.

Ana hikmaeh...
Dadi bisa ngaso temenan ora kena kebul terus

Tapi yakuwe...
Isuk-isuk tanggane geger nganti ana sing laporan meng HRD
Mendhem oplosan di jam kerja...
#mondol...

Turu maning lah...


Read More

07 Desember 2013

Bras Bres

#Banyumasan

Duwe kanca wong Nusakambangan pancen nyenengna...

Maring gawean kayanu ora duwe wudel, apa bae digarap ora urusan kuwe bageane apa dudu. Ora denger kesel, asal krungu kanca njaluk tulung mesti ditandhangi. Apa maning nek disandhingi udud apa bir, wis langsung githir ora mikir panas njepret apa udan-udanan tengah wengi.

Tapi yakuwe...
Gole bras bres ora mung urusan gawean thok. Masalah mangan ya bras bres apa bae doyan. Mblenger mangan ransum kan perusahaan gelem golet lawuh dewek. Bali embret wis ndodok nang mburitan golet cacing go sangu mancing.

Bebeh mancing, manggul bedhil angin meng alas
Manuk, kethek, kalong, celeng, menyawak, nek perlu pitike juragane sikat bae sing penting teyeng go bakaran. Belisa nek enak be kayane melu ditembaki... :D

Pancen mandan kurang anggah ungguh tapi nyenengi gampang adaptasi karo lingkungan. Ngomong janji ndeplak campur cengengesan ngasi sok pada bingung kuwe jane lagi glewehan apa serius.

Mawi angel nek kon ngomong bahasa Indonesia yang baik dan benar. Padahal komendane kan Jakarta anu mandan alus atine. Krungu ana sing ngomong kesel ndadak krisik-krisik takon, "dia lagi kesel sama siapa sih..?"

Howalah
Kesel cara Clacapan, ndan
Anu kakehen gawean dudu kesel kaya basane rika...


Read More

26 Oktober 2013

Ora Sopan

#Banyumasan

Wayah mene nembe bae ngliyep, lawang kamar ana sing nggedor-gedor. Gelem ora gelem kudu menyat mbok ana panggilan darurat. 

Jebule mbuh sapa nyong ora wawuh. 
Karo ngantuk tek peksa nyengir men keton sopan. "Onten napa, pak..?"

"Arep takon, apa kiye ruangan IT..?"
"Nggih leres..."
"Oooh ora kleru berarti. Suwun, mas..."

Lhah, itu deneng..? 
Dijawab bener-bener malah balik kanan maju jalan. Timbang penasaran, gagian tek takoni, "Ana perlu apa sih, pak. Mbok nyong teyeng ngrewangi..?"

"Ora papa, mas. Nyong karyawan anyar nembe teka kang Jakarta. Wingi dipeseni kon nemoni pak Budi HRD. Jere satpam, kamere nang sebelah ruangan IT."
"Oh pak Budi..? Sing kiye kamere, pak.."
"Ya wis, pareng sit ya.."

Ladalah...
Kiye anu aseng gelut apa keprimen janjane..?

Karo mandan mangkel tek takoni maning karepe kepriwe. 
Lha koh goleh semaur, "Ngesuk bae, mas. Ora sopan wis wengi nggugaih wong turu..."

Oooo ra sopan gundhulmu ruag..!
Mau nggedor lawang rumangsane nggugah kethek apa..?
#wong gemblung...

Cara ngendi arep jal..?
Arep mertamu koh ndadak miskol dimin meng tanggane...


Kesimpulane
Sopan apa ora kuwe tergantung jabatan
#nasib kuli...


Read More

14 Oktober 2013

Tumpuk-tumpukan

#Banyumasan

Nasib pancen wis dadi bubur. Arep minggat mengdi ora tetep bae katut angel ucul. Salah sijine bab turu mlungker...

Jaman esih cokan turu langgar, ora bakalan teyeng slonjor. Kademen modal kemulan sarung, gelem ora gelem kudu nekuk dengkul.

Siki nang mess ya pada baen
Perusahaan kadang ora ngitung jumlah menungsane. Kasur siji kudu dinggoni wong telu, ora mungkin bisa turu mujur. Kasur paling ambane 160 senti, meksa awake lempeng mesti jujul. Arep njaluk awake dicindheki ora mungkin wong wis kang kanane diwei pawakan dawa.

Nangumah apa maning, amben siji dituroni wong papat. Ngalaih turu misah nang kamer mburi, biyung bocah sing ora kanti nek bengi nusul pindah. Padahal nek mamake pindah, bocahan sok terus nglilir nggoleti biyunge.

Turu jejer papat, sing loro ora teyeng anteng. Rama biyunge nang pinggir bocahan nang tengah ketone paling maen ketimbang bocahan tiba kang amben. Tapi bocah nek ora dipisah, sedela bae wis pada jejek-jejekan. Jempol sikil ora mlebu irung wis termasuk untung.

Timbang kudu bola bali kudu misah bocah turu tumpuk-tumpukan, posisine diwalik sing tua nang tengah. Bocahan didelah pinggir dialangi bantal men ora kejedot tembok. 

Dipageri sing tua, pancen bocahan bisa turu angler ora nganggo tawuran maning
Tapi malah rama biyunge sing dadi ora teyeng turu
Tumpuk-tumpukan...





Read More

05 Oktober 2013

Uripe Tanggalan

#Banyumasan

Nang kantor, status stap kabeh digawe all in. Kayane perusahaan lagi pengin ngirit mulane lembur diilangna.

Aturan sing gawe repot. Nek ana gawean tanggung kudu ngliwati jam kerja dari rikuh arep meksa bocahan kon bali bengi.

Pada rewel tah ora, mung dadi katon semangate ora kaya maune. Apa maning nek tanggalane lagi tua. Ditakoni gelem bali bengi apa ora kadang semaure, "ya kena. Tapi sante bae ya, dompet lagi kisut..."

Padahal apa hubungane kerja karo dompet..?

Nyatane tanggal nom sing kudune dompet lagi kandhel ya pada bae. Dikandhani minggu kon mangkat, semaure, "aja siki lah, pak. Mumpung duwe duit, tek plesir meng kota dimin..."

Ngerti malem minggu arep pada mudhun kota, nyong prentah, "gawakna antena omni sing nang gudang pelabuhan ya, ampirna meng PLTU..."

Mau awan, sing arep plesir pada mampir. Rung kober tek takoni wis ndisiti takon, "ndi antena sing arep digawa pelabuhan..?"

"Bocah gemblung. Mulane nek ana wong prentah derungokna..."
"Kepriwe sih..?"
"Antena sing nang pelabuhan gawa ngeneh, udu antena kan kene degawa nganah.."

Dikandhani kaya kuwe boro-boro njaluk ngapura
Malah nyengir aseng lunga, "tanggal nom, pak. Mending ganti oli bae yuh..."
"Sih lah, ninimu ampeg. Nganah losss..."
#Mumet


Intine
Uripe menungsa pancen manut tanggalan. Tanggal nom melu nom, tanggal tua ya melu tua. Apese nek tanggalane diuyuih anake...


Read More

22 September 2013

Bunek Baen

#Banyumasan

Rasane kepengin bali bae padahal mangsane cuti tesih suwe. Tilpun sing jere "mendekatkan yang jauh" nyatane ora patia kanggo gawe. Krungu anake pada reang rebutan hape malah nambaih kangen. Apa maning nek krungu suara mamake tepleng, tambah bunek sing ana.

Pirang-pirang cara nglipur ati, tetep ora bakal tekan dasare. Mung lumayan teyeng kembul menungsa-menungsa koplak nang internet, dadine mandan bisa ngguyu ora ketang kecut. 

Dadi bukti nek rasa tresna kuwe tetep butuh hubungan fisik, ora mung urusan chemistry. Pemlayonan sementara akeh tapi ora bakal bisa nggenteni rasane kumpul keluarga. 

Salah siji sing angel digolet gantine yakuwe petan. Butuh ngobrol akeh alat ceting. Pengin weruh wong ayu gari golet nang prapatan. Pijet-pijetan, ngaduk diuk nang kota. Tapi golet sing teyeng mbeduli uwan urung tau nemu. Takon meng salon malah diguyu jere kon disemir baen apa sisan digunduli.

Mulane nyong teyeng ngomong nek petan kuwe termasuk perhatian kan bojo sing ora "tergantikan". Padahal apa sih angele mbedul uwan? 

Nek sing sepele be angel golet gantine, apa maning sing njlimet kaya gathengan...

Teknologi sing jere gawe urip dadi gampang, nyatane mung alat. Menungsa tetep duwe ati sing butuh emosi. Sabab bungah marem kuwe tekane pancen sekang jero ati sing ora bisa dilombo nganggo teknologi...


Intine
Kangen anak bojo tambane ya mung bali...

Read More

14 September 2013

Madhang

#Banyumasan

Mbene rong minggu mlebu alas, penyakit ra doyan madhang wis mulai kumat. Padahal pas mangkat wingi, jian lagi doyan-doyane apa bae dipangan.

Ora lagi gemagus milih-milih panganan. Tapi piwe maning wong juragane dapur ora tau beres nek gawe menu. Biyen lawueh iwak banyu terus ngasi jeleh komplen. Basan ganti iwak pitik, isuk sore ora tau ganti. Arep enak kaya ngapaa nek kaya kuwe carane ya mblenger lah.

Mudun kota meng Tamiang pada bae ora akeh pilihan. Nek pengin kumplit kudu maring Tanjung sing wis nyabrang kabupaten. Ora patut banget, pengin madhang mandan enak koh kudu nyupir rong jam.

Nangkene ora masalah adoh thok. Milih warung ya kudu ngati-ati. Tau asal mlebu warunge wong Dayak takon menune apa, disemauri iwek jarku maksude iwak. Ora ngertia iwek kuwe celeng.

Pindah warung liane, jere menune B2. Sempat mandan mikir, masa madhang lawuh sabun colek. Bareng takon, nembe mudeng nek B2 kuwe celeng juga.

Urusan salah mlebu warung kayane wis dadi gawean tetap. Ora nang Kalimantan thok. Nang Jogja sing kesebute kampunge dewek be tau. Wis ngalem-ngalem lesehane maen, antike ngepol kaya pendapa kabupaten, jebule anu dudu rumah makan.

Sapa sing nyangka kuwe umah, wong nangarepe ana tulisane RM Karto Suwiryo
Apa angele sih nulise digawe kumplit, Raden Mas Parto Sontoloyo...

Resiko urip nang paran, semm...


Intine
Paling enak pancen manut apa omonge wong tua
Mangan ora mbayar asal kumpul...


Read More

08 September 2013

Blakasuta

#Banyumasan

Nek pengin sehat, nginum susu
Nek pengin seksi, rumat susu
Nek pengin ayu, adus susu
Nek pengin jail, senggol susu
Nek pengin enak, kenyot susu
Nek pengin sukses, aja kesusu

Aja mikir nek kuwe puisi dablongan gaweane bocah dolan. Ngandel apa ora, sing gawe kuwe Prof. Ir. Eko Budihardjo, MSc, mantan rektor Undip.

Masa wong pinter puisine mbajug..?

Dudu mbajug, lik. Kuwe pancen watek asli wong Banyumas sing uripe blakasuta ora kenal sing jenenge kasta. Ngomong meng sapa bae asal pepada menungsa nganggo basa sing pada.

Kleru nek budaya egaliter kuwe dianggep ora duwe tata krama. Malah nek cara nyong, tata krama sing bener kuwe sing memanusiakan menungsa. Wong pada bae mangan sega koh dibedak-bedakaken. Nek kuwe jenenge ewuh pekewuh, dudu tata krama.

Mulane Endonesia Raya dadi kaya kiye, tek pikir ya gara-gara tata krama sing kebablasen kuwe mau. Ngerti ana kanca sing salah dalan ora wani ngomong, alesane ora kepenak. Bener sih, tapi ora pener. 

Mulane bisa diomong Gara Gara tambah perek titi mangsane. Wong jujur siki ora kanggo gawe. Wong sing ngomong apa anane dicap ora sopan. Jere wong urip sing penting kejujurane, tapi ana sing cablaka malah  dimungsuih. 

Nek ngandani tanggane kayanu paling pinter nggawani dalil agama pirang-pirang. Tapi nek ketemu polaeh dewek, agamane ndadak bacin kaya tai ngasu. 

Niate golet duit go nyugihna awake dewek, agama digawe tameng. Nek ana sing nguthik-uthik langsung dicap mungsuh agama. Pantesan bae bocah siki nek kon shalawatan monine kaya kiye

Solat ulih ora solat ulih
Deneng china ora solat sugih...

Dadi ngrusak mental bocah
Ujar-ujare ngibadah kuwe ana hubungane karo rejeki pa..?
Kepriben jal..?


Pokoke
Kabeh agama prentah menungsa jujur, tapi nyatane akeh sing ora teyeng. Wis mangsane siki dewalik. Bocah diwaraih jujur apa anane dimin. Nek wis teyeng blakasuta, nembe diwei ngerti apa kuwe agama...




Read More

30 Agustus 2013

Pancen Angel

#Banyumasan

Diakoni apa ora, pengaruh lingkungan kuwe lewih kuat timbang keluarga.

Sing wis genah tek lakoni soal ajar basa. Diniati ket lair ceprot bocah kudu teyeng ngomong Jawa sing mandan bener, awale sih lancar mandan bisa ngomong basa. Tapi tambah suwe ora tambah pinter malah tambah bubrah. Gara-gara nek metu ngumah, tanggane kabeh-kabeh takon nganggo basa Endonesia.

Sepisan pindho esih ngotot maraih basa, suwe-suwe mblenger dewek. Bocah ditakoni Jawaan semaure malah Endonesiaan.

Arep nyalahna bocah ya ora mungkin. Senajan bayi kayane ya wis teyeng mikir nek deweke lewih butuh gaul karo kanca-kancane ketimbang wong tuane. Timbang basa Jawaan kancane ora mudeng mending ngomong Endonesiaan sing wis genah rama biyunge ngeh.

Acara mulai ganti maning basan preian meng Tlacap. Nyong karo Mamake Tepleng wis manut melu Endonesiaan, bocah mulai ngomong Jawa maning. Malah maen pisan sing deblajari basa Jawa sing paling egaliter.

Tapi yakuwe...
Tembe rong minggu wis dejak bali nJogja, basane dadi remuk ora karu-karuan. 

Bali dolan laporan, "ayah itu pitnya disendehin pager sama dede..."
"Pager sing pundi, mba..?"
"Itulah yang perek blumbangan..."
"Dipendhet, mba. mangke ical..."
"Engga mau, Tita sudah kencot lha eh..."
*ngelus dengkul...

Ya wis ngonoh sekarepmu lah...


Intine
Mbentuk karakter bocah total nangumah kayane wis angel. Lingkungan tetep dominan pengarueh. Peran keluarga mung bisa ngrewangi ngegas karo ngerim thok. Ora patut pancen. Tapi wong wis dadi jamane kon kepriwe maning..?



Read More

20 Agustus 2013

Nonton Ebeg

#Banyumasan

Seliane lomba-lomba, acara agustusan sing ora tau keri yakuwe pertunjukan ebeg alias kuda lumping. Rombongan ebeg melu upacara, bar kuwe langsung tampil mang mong mabur...

Pancen wis ora kaya biyen maning. Tapi esih teyeng tampil, miturutku maen banget. Paling ora kesenian asli Nuswantara tesih ana sing gelem nguri-uri.

Kesenian lawas akeh sing ora bisa bertahan salah sijine sabab kurang pengembangan. Cara Sundane terlalu monoton. Ket biyen ngasi siki sing jenenge ebeg yang mung kaya kuwe bae acarane. Nari-nari, mendhem terus atraksi sing ora tau ganti. Wajar nek bocah-bocah nom gampang bosen wong gangnam style apa harlem shake sing nembe ngetren wingi sore be wis ilang maning.

Angel golet atraksi liya, soale sing gelem sinau teknik kaya kuwe mulai arang. Aja mikir nek kuwe 100% direwangi jin. Tukang ebeg siki mulai nganggo teknik kaya sulapan modern. Golet jin ebeg jere wis angel. Jine pada minggat ndeyan keweden gara-gara akeh plang "terima permak jin..."

Ora ngandel akeh atraksi sing temenan teknik, jajal bae deleng nek tes mangan beling biasane njaluk degan. Asline mung kemu thok trus belinge dibuang meng jero degan, ora dileg mlebu weteng. Pengin sinau cara aman mangan beling, meng Adiraja - Adipala baen sing kaderisasi ebege lumayan mantep.

Siki malah ana ebeg sing ora mendhem babar blas. Ndeyan kuwe sing disebut ngetutna seleksi alam. Pemaine wadon ayu tur seksi. Gamelane ditambaih orjen. Tembang eling-eling mung go pembukaan thok, menganaeh dadi dangdutan.

Menceng kan awale pancen bener.
Tapi nek ora kaya kuwe apa ya bisa bertahan..?


Intine
Kenyataane pancen kaya kuwe. Ora usah ngomong salah pakem nek mung omong thok. Pikirna pemaine kudu mangan sega, ora wareg mangan budaya apa beling thok...


Read More

11 Agustus 2013

Kayim

#Banyumasan

Nek nang Tlacap, lurah biasane direwangi perangkat desa sing disebut kaur alias kepala urusan.

Ana kaur pembangunan sing tugase ngurusi pembangunan desa. Kyaine nang mesjid sebenere ya kaur pembangunan, tapi ora resmi wong tugase mung membangunkan wong turu nek mangsane subuhan. 

Trus ana kaur pemerentahan. Sing kiye aja kleru karo kaur perentahan. Nek kuwe tah cara gaule disebut opisboy...

Sing mandan unik kuwe perangkat desa sing disebut kayim. Sebutane pada tapi tiap desa biasane ana loro. Soale tugase pancen sejen-sejen.

Kayim tipe pertama sok disebut P3N aliase petugas pembantu pencatat nikah. Kuwe asisten pengulu, gaweane ngurusi warga sing arep kawin. Pokoke kayim sing kiye urusane nyiapna awal proses pembibitan menungsa.

Kayim model keloro kewalikane sing mau. Tugase ngurus akhir proses uripe menungsa. Nek ana warga sing mati kayim kiye sing diundang kon ngedusi, mbunteli, nyembayangi nganti ndongani sewise mayit dikubur.

Tugase ora pada, makane yel-yele uga sejen. 
Kayim pertama, nek wis rampung "saya terima nikahnya.." biasane takon meng saksi, "sah nggih..?"
#saaaah... *jawaban warga

Kayim keloro beda maning. 
Nek mayite wis rampung diwacakna yasin, takone meng sing pada layad, "sae nggih..?"
#saeee..." *jawaban warga

Sah karo sae kuwe bedane sitik tapi ora olih nganti kewalik. 
Jajal baen nek kayime bar ngawina trus takon, "sae nggih..?"
Kira-kira warga arep semaur apa..?
#sampluuuuuk....


Intine
Jeneng ulih pada. Tapi nek tugase sejen, kebiasaane ya aja dicampur-campur...

gambar nitor


Read More

04 Agustus 2013

Bocah Sregep

#Banyumasan

Setu sore bocahan takon akeh tugas apa ora
Gawean sih ana terus. Tapi kelingan malem minggu tanggal nom, nyong wis mudeng karepe. Makane mung semaur, "ya nganah mbok arep pada meng kota..."

Asline sih ora ana prei. Mung sok melas nek ora diwei kesempatan represing. Paling-paling klinthung meng pasar ngecengi prawan liwat apa nginum-nginum  nanggone kanca ikih. Ora go pedinan, paling-paling nek tanggal nom thok. Tur bocahan ya ora tau gawe masalah, apa maning nganti mabok nang kantor. 

Kadang-kadang tek kancani nongkrong ora ketang mung nyruput bir thok. Paling ora nyong dadi ngerti nek bocahan termasuk tertib. Nginum nangumah sinambi gitaran. Nek krasa mumet pada turu. Ora petantang-petenteng nang pinggir dalan malaki wong liwat.

Tapi bengine nyong malah pecicilan dewek nang kantor. Letop sing go ngremot server ora nana. Wedi mbok ilang gagean nelpun pasukan. Jebul digawa alesane, "melas rika mbok arep turu sore. Men nyong bae sing garap pak, disambi jagongan..."

Kanca kerja teladan pancen...
Lagi nyantai esih kelingan nyangking kerjaan
Dadine malem minggu nyong teyeng menjalankan tugas
#turu gasik...


Minggu awan, bocahan pating pethungul nang mess
Kelingan server, nyong takon wis rampung apa urung kerjaane

Ngakune sih wis beres
Tapi kon mbukakna arep tek cek koh suwene ora etung gole ngutak-atik. Sidane tek parani takon ana apa

"Nyetinge sih wis rampung, pak. Tapi deneng nyong klalen paswote mau bengi apa yah..?"

Hoalah klamite jabang bayi ora patia kaget...
Mulane nongkrong nongkrong bae rausah sok mikir gawean barang...
#mondol...


Intine
Wong mabok pancen angel dilawan...



Read More

28 Juli 2013

Celeng

#Banyumasan

Urip nang alas, apa maning sing teyeng digawe crita nek ora celeng. Crita SPG mbok diomong ngrebut lahane wong liya. Topik kuwe kan wis dadi lapake juragan kaos sekan Korea.

Asline nyong ora kaget karo sing jenenge celeng. Soale jaman cilik biyen, sering ana celeng mlebu ndesa. Sering werueh nek kaya kuwe, dudu nyong sok ngepet. Nek ngopet lah kayane tau....
*tiru lilike zach...

Malah biyen nyong meh kesrudug...
Critane kan lagi klinthung meng tangga desa njujugna tempe serinjing menggone lilike. Ndilalah nangkono akeh wong Sundane. Pancen krungu ana sing rame-rame lagi ngoyok-oyok apa. Tapi goleh ngorong-ngorong nyebute, "bagooong... bagooong..."

Nyong ya santae bae. Sengertiku bagong kuwe kan jeneng wayang aliase bawor. Basan cedek jebul celeng. Anu nyong esih cilik sekolah be urung, mlayua ya mesti kecandhak. Sidane tempene tek tumplek, rinjinge tak walik go umpetan.

Pancen aman ora ngasi kesrudug. Tapi tekan ngumah malah disrudug mamake. Tempe sepirang-pirang ledeng kabeh kepenyak celeng sisan wong sing pada nguber.




Nek nangkene...
Celeng cilik biasane lulut tur ora galak. Tapi nyong wis kapok ora pengin ngulaih maning. 

Dudu masalah rinjing apa tempene tanggane kepenyak. Biyen pas anyar teka mengeneh, nek liwat sok ana celeng ngglibed bae meng sikil. Kesuh, tek dupak nganggo sepatu septi ngasi kaing-kaing...
*celeng bener kaing-kaing yah..?

Celeng cilike kabur mbecir bantere ora etung. Jarku kapok ora maning-maning ngrusuih wong liwat. Jebul teka maning karo mamake. Gantian nyong sing mlayu ngasi keplarak-plarak dibedhig celeng gedene se drim...
*kapok polow yur drim...


Pokoke
Nek urusan celeng, kenangan indah wis akeh
Ora maning-maning lah...


Read More

21 Juli 2013

Ora Akur

#Banyumasan

Sore-sore dipanggil ibu deputy direktur, ditakoni kenang apa nyong ora akur karo menejere.

Tek omongna bae apa anane. Nyong ora cocog karo carane sing segeleme dewek. Nek gawe proyek ora nganggo ngobrol dimin karo bagian lapangan. Ngerti-ngerti kirim alat kon dipasang padahal sing paham kebutuhan karo kondisi lapangan kan nyong. Mawi ngirime mesti alat sing larang-larang.

Timbang nggrundel nyong aluwung terus terang ora melu-melu. Ndilalah bocahan ya pada kurang ajar melu-melu ngomong bebeh. Sidane nyong mung bisa ngomong meng pak menejer, "ngonoh garap dewek karo vendore..."

Jujur nyong wis kapok kambi menejer sedurunge. Polaeh pada bae seneng gawe proyek larang. Boro-boro bagi-bagi jatah kan vendor go bocahan, ngomong spek alat be ora tau. Gilirane alat ora cocog bola bali rusak, sing bagian lapangan sing disalahna.

Disemauri kaya kuwe, bu deputy malah semaur, "iya nyong be janjane mumet karo bosmu. Pecat bae apa yah..?"

Lha kuwe sing ora penak...
Wis olih proyek akeh terus minggat kan gawean. Nyong karo bocahan maning sing kudu kerja bakti ngrampungna proyeke. Buntut-buntute ora bakal adoh kang biasane. Nek kumpulan karo direksi mesti metu maning tembung, "divisimu teyenge mung ngentek-ngentekna duit tapi ora ana hasile..."

Pegawean koh nyewoki proyeke tanggane terus
Sapa sing ora wareg jal..?

Ana tapine...
Senajan ora akur nang gawean, urusan kekancan nyong tetep apik. Nek ketemu ya ngobrol ngopi cekakakan bareng. Tapi nek wis nyremped urusan proyeke deweke, gagean nyong angkat tangan. Nek deweke meksa nyong kudu nggarap, malah sisan gawe angkat kaki.

Ora apik pancen
Tapi genah kaya kuwe kenyataane koh...


Pokoke
Akur ora akur tetep tek lakoni nang jalure. Ora akur nang gawean, ora berarti mungsuhan sekabehe. Urusan kekancan kudu tetep apik. Arep kepriwe-kepriwe, menungsa ora ana sing sempurna. Sesue peribahasa, tak ada gading yang tak klethak...


Read More

14 Juli 2013

Jaman Semana

#Banyumasan

Kanca-kanca lawas lagi pada seneng masangi poto jadul nang pesbuk. Mayan bisa go ngumpulna kanca sing puluhan taun ora ketemu. 

Tapi ya kuwe, kelingan jaman semana apa sing ora dadi kebayang maning. Apa maning nek pasang poto pramukaan sing gabungan karo sekolahan lia. Ngerti dewek STM pasukane batangan kabeh. Ngumpul bocah SMEA SMKK sing isine wadon tok, judule tumbu nemu tutup. 

Nek acara gojlogan, wis kuwe kesempatan go golet yunior sing madan kena desawang. Ket sore wis mulai ngincer sasaran trus pada rembugan si anu nyekel regu kae, nyong nggawa regu sing kiye. Pokoke persis anggota hewan rebutan proyek.

Tau pas kegiatan nang SMEA. Upacara pembukaan wis keton bocah wadon sing marekna gedeblug tresna nang injenan pertama. Bengine kaya biasa bocahan kon pada turu, lampune depateni trus digedor-gedor kon ngumpul nang lapangan. Wujude werna-werna. Ana sing ora sepatuan, kaos kakine mung sebelah apa klambine kewalik.

Pas pemeriksaan pasukan, bocah sing tek incer mbuh kepriwe sepatune tengen kabeh. Langsung mrenges nyong persis pulisi olih tilangan. Sing kepikiran, gari milih koweh pus ap ngasi elek apa damai ngesuk malem minggu tek apeli.

Tek prentah ganti sepatu sing bener, malah semaur, "wedi mas peteng. Kancani ya..."

Naah, kesempatan mbok..?
Rejeki pancen ora bakal salah alamat. Tapi ya tetep kon pus ap dimin nembe tek jujugna. Ora penak karo panitia liane, makane mung tek kancani tekan latar tok. Bocaeh kon mlebu kelas dewek.

Tek nteni mandan suwe koh ora metu-metu kan kelas. Kewatir mbok semaput gara-gara keweden, gagean tek tiliki. Jebul bocaeh lagi nglemprak nang tegel karo nyawang longan meja.

"Kon ganti sepatu malah ndomblong kaya tulup dikethek..?"
"Kiye nyong kudu kepriwe sih lha eh..?" *pasang tampang inosen...
"Apane sing kepriwe..? Kuwe nang longan sepatune sapa..? Nune kancane ya men dinggo bae asal medeng..."
"Genah bingung, mamase aja galak-galak ya..."
"Wong sepatuan tengen kabeh, ya diukum lah. Wis gagean dinggo, mbalik meng lapangan..."
"Kuwe masalaeh, mas. Sepatu sing nang longan kiwe kabeh. Nek tek nggo mengko diukum maning..."
#Klamite jabang bayi ora patia kaget...

Mbalek meng lapangan
Nyong langsung marani kanca sing mau uga ngincer bocah kuwe. "Ijolan regu lah, ndol..."
#Apes...



Intine
Kelingan jaman biyen, sok dadi pengin nom maning. 
Apa enggane kudu ngaji ula men teyeng nlungsumi..?


Read More

30 Juni 2013

Teplok

#Banyumasan

Malem mingguan pengine represing. Tapi berhubung tanggal tua ora duwe modal go meng kota, sidane merad menggone kanca sing umaeh nang pinggir alas.

Ngerti dewek Indonesia Raya kaya ngapa. Mangan turu nang duwur batubara tapi listrik be ora ana. Isi bumine entek dikeruk, kasile diboyong go PLTU nang Jawa. Pulo Jawa padang jembrang, sing duwe batubara kudu nrimakna urip petengan modal teplok.


Weruh teplok gemantung, nyong dadi kelingan jaman cilik. Nggal sore kebagian tugas ngiseni lenga karo ngelapi torong teplok. 

Mbuh merga teplok larang apa angel goletane. Seumah teplok mung loro dipasang nang ruang tengah kambi ruang tamu. Liane cukup nganggo senthir. 

Mulane ngenes nek kelingan jaman semana. Sinau kudu nyureng-nyureng matane. Digawe padhang, kebule dadi ora patut. Isuk-isuk kudu sregep ngupil nek ora pengin cungure ganti wujud dadi pawon.





Intine
Puluhan tahun ora tau weruh teplok, bisa nemu maning rasane ngati malah dadi ora genah. Antara seneng bisa ngeling-eling jaman ora enak. Sekaligus nlangsa, jaman jerene wis modern koh esih ana dulur sing teplokan...



Read More

16 Juni 2013

Pos Rondo

#Banyumasan

Nek jere bocah nom malem minggu malam yang panjang, cara nyong ya pada baen...

Bedane, panjange malem minggu cah nom kuwe pada nggo pacaran. Nek nyong krasa dawa sebab ora teyeng kelonan padahal ora lagi ngode.

Arep kelonan kepriwe wong malem minggu kejatah ronda. Arep mancal gasik ya angel wong mangkate jam 10 bocahan mesti esih pada melek. Bali ronda wis ngantuk. Dadine angel matrapna falsafah lawas, malem jemuah sunah malem minggu wajib...

Tapi ya ora papa...
Urusan lingkungan koh digawe angel. Penting ora penting, anggep baen penting. Utamane men keton guyub kambi tangga. Wong asline ya ora mider-mider komplek terus kaya setrikaan mabok. Paling-paling keliling nariki jimpitan terus gaplean nang pos.

Apa maning nyong entuk dispensasi sekang ertene. Nek liane ronda seminggu pisan, nyong telung wulan mung kejatah ronda pindo nek pas cuti thok. Mangsane mbalek meng alas rondane dewakili mamake tepleng nglongok pos sedela njujugna martabak apa cemilan go kanca melek sing ronda.

Lha nek ngomongna pos ronda, nyong malah kelingan sing nang desane mamake tepleng. Intine ya gumun, wong nang Jogja be istilaeh Pos Ronda. Nang Tlacap malah kaya kiye...





Intine
Mbuh ndi sing bener pos ronda, rondo apa randa..? 
Pikir dewek ngonoh nek rumangsa kurang gawean...



Read More

03 Juni 2013

Tembangan Bocah Gemiyen

#Banyumasan

Jaman nyong cilik...
Akeh tembangan bocah sing kayane tah ora bener tapi ora nana wong tuwa sing nglarang. Mbuh nek malah sing tuwa sing maraih mulane teyeng kaya kuwe kedadeane.

Nyong nganggep ora lumrah soale angel dilebokna logika. Contone nek lagi dolanan layangan terus kepaten angin, mesti pada nembang, "cempe cempe undangna barat gede..."

Padahal kyaine sok crita nek pengajian, udan barat kuwe urusane malaekat. Yakin gologokin nyong rung tau krungu kyaine ngomong malaekat aweh surat kuwasa maring cempe kon ngurusi angin.

Tembangan sing lewih ora patut ya ana
Ora ngandel takon baen meng Lik Zach. Nek bar prentah cempe kon ngundang angin, basan tekane barat dikancani udan terus tembangan maning. "Terang terang kakine negor gedhang, kepenclas konthole goang..."

Ora memper...

Tapi ana maning...
Unggal ana monthor mabur liwat, gagean nembang, "monthor mabur njaluk duite. Ora wei sogok silite..."

Nek sing kuwe tembangane Juragan Pacul. Malah kegawa kelu nganti gede. Ora ketang monine ganti dadi, "ora wei sogok pramugarine..."

Tapi ya aja nyalahna bocah jaman gemiyen. Wong nyatane nang monthor mabur jaman siki be ana sing kurang beres. Contone kaya nang gambar kiye...




Percaya ngonoh
Ora percaya awas..!


Intine
Nyong ora ngerti apa maksud tembangan-tembangan kuwe
Pancen ora genah isine tapi dadi klangenan
Apa maning tembangane Pacul versi 2
*Ngenteni versi telune ah...



Read More

12 Mei 2013

Kelingan Ahmad Tohari


#Banyumasan

Dengaren...
Tengah wengi ndadak kelingan lilike Ahmad Tohari. Utamane sih kelingan penjalukane deweke kon nguri-uri budaya Banyumasan khususe nang bidang sastra.

Wektu kuwe, nyong ra teyeng janji nulis fiksi. Soale mbuh kenangapa siki angel kon gawe crita sing dasare lamunan. Padahal jaman sekolah biyen eslem banget gawe tulisan kaya kuwe. 

Malah teyeng go nambaih biaya sekolah ngirim-ngirim tulisan meng Aneka Yess apa majalah liane sing isine crita cindek. Lumayan koh, wong jaman rames sepiring 150 perak, nek critane demuat olih bayaran 150 ewu.

Rumangsa wis kangelan gawe crita fiksi, nyong janji meng awake dewek arep nganakna lomba nulis nganggo basa ngapak setaun pisan. Biyen lombane tahun 2010, nganti siki urung kober gawe acara kaya kuwe maning. Padahal sing melu ya ora sitik. Biaya go hadiah karo ongkos ngirim mung ntek 2 jutaan. Ngasi ora teyeng nganaknya maning, apa enggane ora dianggep kebangetene ora eling..?

Lik Ahmad Tohari biyen uga janji, nek ana sing tulisane maen deweke gelem ngrewangi nglebokna meng Kompas. Janjane kuwe peluang maen pisan go kanca-kanca sing seneng nulis tur esih kelingan maring budayane dewek.

Sing tesih nanceb nang ati, lik Ahmad Tohari ngomong kaya kiye. "Nyong agame Islam. Tapi agama karo budaya aja dicampur aduk. Men nyong wis kaji, nyong tetep wong Banyumas. Ora bakal dadi wong Arab apa sok ngarab. Novele nyong wis diterjemahna maring 8 bahasa. Ora urusan nulise nganggo basa bule, sing tek angkat tetep budayane Banyumas..."

Dongakna baen nyong teyeng nerusna niat sing wis meh 3 taun urung ana buktine. Jujur nyong sok ngenes nek ndeleng wong sing jere asli Banyumas, tapi kon nulis nganggo basane dewek koh bebeh. Kayonge koh ina temen nek nulis ngapak. Ora kaya nek ngecuprus sok ngarab apa nganggo basane bule...

Sing gede pangapurane, lik...
Suwun...


Intine
Ora urus diomong nglawan arus
Budayane dewek sapa sing arep nglestarikna nek dudu awake dewek...



Read More

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena