03 Maret 2013

Cewok


#Banyumasan

Adoh anak bojo...
Pengine nek nelpun mengumah isine ngobrol sing nyenengna men kangen ora nemen-nemen gawe ati pating srenit. Tapi genah duwe anak persis rama biyunge plek, ya kepriwe maning nek nyatane nelpun malah gawe reang. Nembe ngobrol sedela wis pada gelut rebutan hape ora gelem gentenan.

Apa maning nek nelpun sore-sore. Wis mesti mamake tepleng reang anake wadon ora gelem adus nek ora karo ramane. Anak wadon pancen mbuh kepriwe malah lulut meng rama. Kabeh-kabeh kayanu ngetutna ramane ngasi urusan nguyuh barang. Wong anak lanang be wis pinter nek nguyuh ndodok, mbekayune malah ngadeg.

Janjane biyunge sing mandan ora beres. Nek pas lagi nangumah, anak wadon njaluk apa kon meng ramane alesane sibuk ngurusi anake lanang. Kebiasaan apa-apa rama, dadine repot basan ditnggal embret adoh kaya kiye.

Tapi arep nolak ya ora tegel. Masa iya anak gawene bareng-bareng, nguruse ora gelem bareng. Tau sih sepisan anake ngising, nyong ngomong bebeh nyewoki. Ealah mamake tepleng gole semaur, "mumpung esih cilik lah. Ngesuk wis gede masa gelema dicewoki ramane..."

Yawislah...
Wong urip pancen wis kudune kaya kuwe
Anake njaluk dicewoki ya kudu gelem nglakoni
Wong nek biyunge njaluk be sregep gole nglakeni


26 comments:

  1. Balasan
    1. pencitraan kuweh Kang. ajeg patronne

      Hapus
    2. pencitraan wis meh 3 taun
      penciptaan wis setaun setengah
      ngapa maning jal..?

      Hapus
  2. wkwkwk... asli marai mbrebes mili...kemekelen :)

    BalasHapus
  3. Gak ngerti mas isinya tentang apa.
    Emang sih saya aslinya orang jawa, tapi gak tau bahasa jawa, wkwkwkwk :)))

    BalasHapus
    Balasan
    1. numpang bingung karo komen kie lah :D

      Hapus
    2. kalo bingung ya dilewat saja gapapa
      thks om atas bingungnya, hehe

      Hapus
    3. kaya kloloden genthong bae bingunge

      Hapus
    4. genthong apa benthong,,?

      Hapus
  4. nglakoni karo nglakeni beda ya lik....wahahahahaha
    #kie jurnal paling apik sendunya sing nyong pernah maca

    BalasHapus
    Balasan
    1. jan bahasane koh ya kaki rawin...

      hidup ngapak. ora ngapak dupak

      Hapus
    2. lambenya wong loro ora ana sing beres..

      Hapus
    3. langka kumise koh nang ndhuwure

      Hapus
    4. timbang jenggoten malah kaya wedus...

      Hapus
  5. untung langka sing mudheng..
    nek pak anoman mudeng tambah apik maning

    BalasHapus
  6. iyalah wong gawene bareng2 yo kerjane bareng.......

    BalasHapus
  7. barengan ambegan kang.........hhhhhh

    BalasHapus
  8. Oalah, kang. Gara-gara maca tulisanmu, aku keprucut ngguyu dhewe. Dadine malah terus disawang wong sak halte trans. Palinga dikira kumat dadakan ya?

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena