07 Desember 2013

Bras Bres

#Banyumasan

Duwe kanca wong Nusakambangan pancen nyenengna...

Maring gawean kayanu ora duwe wudel, apa bae digarap ora urusan kuwe bageane apa dudu. Ora denger kesel, asal krungu kanca njaluk tulung mesti ditandhangi. Apa maning nek disandhingi udud apa bir, wis langsung githir ora mikir panas njepret apa udan-udanan tengah wengi.

Tapi yakuwe...
Gole bras bres ora mung urusan gawean thok. Masalah mangan ya bras bres apa bae doyan. Mblenger mangan ransum kan perusahaan gelem golet lawuh dewek. Bali embret wis ndodok nang mburitan golet cacing go sangu mancing.

Bebeh mancing, manggul bedhil angin meng alas
Manuk, kethek, kalong, celeng, menyawak, nek perlu pitike juragane sikat bae sing penting teyeng go bakaran. Belisa nek enak be kayane melu ditembaki... :D

Pancen mandan kurang anggah ungguh tapi nyenengi gampang adaptasi karo lingkungan. Ngomong janji ndeplak campur cengengesan ngasi sok pada bingung kuwe jane lagi glewehan apa serius.

Mawi angel nek kon ngomong bahasa Indonesia yang baik dan benar. Padahal komendane kan Jakarta anu mandan alus atine. Krungu ana sing ngomong kesel ndadak krisik-krisik takon, "dia lagi kesel sama siapa sih..?"

Howalah
Kesel cara Clacapan, ndan
Anu kakehen gawean dudu kesel kaya basane rika...


25 comments:

  1. Nah ini dia yang agak bingung Kag, apalagi dengan bahasa yang satu ini. Ha,, ha,, ha,,,,

    Salam,

    BalasHapus
  2. iki ngomongna rika dewek ta Pak? hehe

    BalasHapus
  3. Podho Kang, boso suroboyo kesel kuwi pegel, capek. Bedho karo boso jakrta sing kesel kuwi artine ngambek. Hihihi. Enak kang lek dhuwe konco sregep ngunu.

    BalasHapus
  4. Balasan
    1. bareng inyong ngko rika tek waraih mbedil pitike juragane mesti njjur mudengan...

      Hapus
    2. enyong sing mudheng malah mumet koh

      Hapus
  5. langsung keluar nindtang2 di kepala :)

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena