30 Desember 2007

Moh Tangi Gasik


Aku due anak lanang siji-sijine sing paling gagah dewek. Jenenge Adi, tapi aku ngundange mamas. Anaku pinter janjane, tapi nek pas preian sekolah kon tangi gasik koh angele ora etung. Padahal watheke anakku nek wis ora karep, men dipeksa-peksa ya ora bae. Mulane aku tau njajal ngerayu, mbok nek dialusi dadi marine.

Bar subuhan, bocah malah ngringkel maning dibunthel slimut. AKu merek, tek elus mbun-bunane karo tek krisiki.
"Mas, tangi mas... masa mapan turu maning sih.."
Bocah meneng bae. Tek uget-uget nganti mblenger nembe gelem melek.
"Ana apa jane, pak. Isuk-isuk wis ngrubesi bocah turu."
"Kieh bapak tek crita, tulung rungokna ya.."
"Lah.. ngko awan bae pak lah, kaya ora ana wektu maning."
"Sedela, cah bagus..." AKu njagong nang pinggir amben. Bocah tek jegongna sendehan bantal.
"Kieh, wong nek gelem tangi gasik tulih gede rejekine. Nek kebluk, ngko rejekine dithothol pithik"
"Lah ya men, pak. Malah pithike lemu-lemu. Ora ngenteng-tengna dhedhek."
"Ya udu kaya kue, mas. Tek critani ya. Mbiyen bapak tau tangi gasik terus mlaku-mlaku. Eh, ndilalah nemu dompet nang dalan. Duite akeh."
"Kue duite wong sing kelangan mbengine ndean."

"His, ngko disit. Udu kue pentinge." Mandan tek teplak dengkule.
"Maksude bapak kaya kie, mas. Wong nek gelem tangi gasik, dalan rejeki kue lewih omber. Lewih akeh kesempatan olih untung. Beda nek kebluk goleh tangi, kesempatan olih rejeki lewih cupet."

Bocah menyat jarku mudeng. Koh malah narik kemul tekan gulu karo semaur mapan maning karo semaur.

"Sing bathi brati bapake thok. Go wong liya ora apik."
"Lha... nangapa..?"

"Wong sing kelangan dompet berarti tangine lewih gasik daripada bapake..."

Aku dadi meneng mandan sue.....

rawin mumet

1 comments:

  1. jal..goli nganggkat crita sing mandan berbau religi nangapa....aj kur melulu menjotokna bahasane thokkkkk

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena