30 Desember 2007

Zaman Edan

Amenangi jaman edan, ewuh oyo ing pambudi, melu edan nora tahan, yen tan melu anglakoni, boja kaduman melik, kaliren wekasanipun, ndilalah karsa Allah, begjo-begjane kang lali, luwih begjo kang eling lawan waspodo

Maca oret-oretane R Ngabei Ronggowarsito nang Serat Kalatida tembang Sinom pupuh kepitu sing ditulis sekitar taun 1860 wis mulai krasa. Jaman wis malik tandane kiamat wis tambah edek. Wong lanang rambute gondrong, wong wadon malah pada demimoran. Wong wadon pada kathok dawaan sing lanang malah rok-rokan, jaritan, gelungan ngadangi wong liwat nang pipir terminal karo udud, ora klalen ngomong “sedhooooot…”

Bencana nangdi-endi. Belah wetan terang dawa, belah kulon malah kebanjiren. Mending banjir duit marekna sugih. Sing ana banjir bandhang karo belet gawe rekasa wong cilik. Nang porong lemah dibolongi malah metune belet sing ora ntek-ntek nganti siki. Lemah nangisor bumi pada munggah mendhuwur nganti tekan ngko titi mangsane lemah sing nag dhuwur ambles dileg lemah.

Mbiyen wong lanang sing pahal wong wedon nrimakna nangumah ngurus bocah karo umah nek mbengi disambil mlumah, siki pada dieksprot meng luar negeri. Sing dadi wong lanang gaweane udud karo jegang ngenteni kiriman. Nek wis dikirimi nteng nggo main karo royal, boro-boro mikir sing wadon dadi babu nang hongkong apa taiwan. Ujar-ujare nang luar kue kepenak ndean. Nek kebagian apes olih majikan sing ladhak apa ora ngenes. Apa maning nek sing menggawe nang arab, walah melasi banget. Wong nang kana babi haram tapi babu halal.

Jajal dipikir, siki maling sing mangane duit negara akeh malah diwei mobil karo umah padahal gajine be wis akeh. Wong cilik arep polah kepriwe bae ya ajeg diidek-idek nang wong gede. Ora kelingan gedene weteng gara-gara kakehan mangan sing udu hake. Maling pithik rega paling 20 ewu gara-gara kencoten ora due beras wis disel 3 wulan, goleh mriksa digentaki pulisi esih dibonusi kepruk hansip. Lha dewan sing nyolong duit 20 ember boro-boro digebugi, pulisi goleh takon be alon-alon. Bebeh mangkat kari prentah pengacarane. Nek ukumane mandan akeh ethok-ethok mriyang.

Aku tau takon maring tanggaku sing dadi kyai perkara kue. Negarane dewek kue kyai esih akeh banget nangapa koh sengsarane urip ora rampung-rampung. Kyaine koh goleh semaur kaya kiye, “Kue tulih nek jaman kanjeng nabi, wong sembayang subuh esih peteng sembayang asar esih padang. Siki kwalik, subuh wis padang asar wis peteng mulane jamane melu kwalik."

Siki Kyai malah pada melu anjrut meng politik. Padahal wis ana bagiane dewek-dewek. Ana ulama ana umara. Wong ulamane pada rebutan dadi umara, umat ora ana sing ngurus. Nek bejad yang memper, wong kyaine be bobrok.

Oalah, nek kyai be wis matur kaya kue lha banjur kepriwe kudune…? Apa enggane mending mati gasik bae mumpung urung kakehen dosa? Lha mbuh lah mumet..

Aja maning mikiri negara, mikir tuku beras be yengyengan ndase. Duh, Gusti Alloh… Wis bodo-bodoa rika ngonoh lah. Arep dikapak-kapakna aku manut bae, kadar rika ikih sing gawe alam dunya. Sing penting nek aku mati ngko, lebokna suwarga ya, Gus…

rawin lagi kewalik

0 comments:

Posting Komentar

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena