31 Desember 2007

Resolusi 2008

Ket isuk sirah mumet mikir urung tuku beras karo setoran bank urung ana agane. Arep embret nek sirah judeg kaya kie koh rasane bebeh. Sidane malah nongkrong nangarep komputer golet-golet mbok ana sing gelem ngancani melek.

Nembe mbukak wis ana sing takon nang Yahoo Mesngenger
>>Taon baru dimana mas..?
>>Mbuh lah..

Tek semauri kaya kue tok. Trus mbukak Multiply. Ealah.. nang guestbook njeblag tulisan, “Malem tahun baru gimana niiih….”

Alah buset, gawe mangkel bae. Ndilalah, kancaku Rere urip. Tek PM go golet topik liane. Malah mbalik mengonoh maning.
>>Mas aku tahun baru di Vienna….
Lah…

Gumun aku. Jane ana apa sih malem taun baru. Deneng kabeh-kabeh kaya kenang manuk pilek, takone ora ana lia. Mulane aku dadi mikir awake dhewek. Taun lawas ya kaya kie taun anyar ya kaya kie. Ora embret ya ora madhang.

Tek pikir koh wong urip isine kur foya-foya tok. Senenge apa nek taune ganti? Pada bisane panasan thok. Ana sing lagi taun baruan ya liane padha melu taun baru. Mbok ya sing mikir, sing kreatip, aja kur tiru-tiru wong lia.

Lha kaya wingi ana sing natalan ya pada melu natalan. Nek pancen menungsa sing inovatip, liane natalan ya gari nganakna muludan apa rajaban. Aja bisane njiplak thok. Asile apa sih mbuntut meng wong lia. Budaya kaya kie koh diterus-terusna.
Mbalek maning meng sirah mumet…

Wong lia arep ganti taun pada gawe apa sing disebut Resolusi 2008. Jarku maune apa jane kue. Pertama ditakoni resolusi nang sapa lah klalen tapi sing genah nang MP. Aku ya semaur, “Aku nganggo resolusi 1024x768 pixel, mba. Tek unggahna nganti 2008 monitorku ora kuat…”

Lha koh aku digoblog-goblogna. Apa udu wong penjorangan kue. Semblothongan banget lah… Tapi bareng diterangna maksude aku ya nembe dong. Ooooo… kaya kue ya. Akhire kepaksa aku njawab.

“Aku ora pengin muluk-muluk kaya rika, lah… Aku tetep kaya wingi. Pengin urip sing tentrem. Mangan wareg, nyandhang rapet, turune anget… Wis… kaya kue thok..”

Muga-mugaa Gusti Alloh mirengaken penjalukanku. Ora ketang aku goleh sembayang senen kemis jemuah kliwon. Tapi nek rumangsa ngakoni aku dadi umate ya kudune krungu aspirasine wong cilik. Aku esih tetep yakin, Gustiku udu anggota DPR sing bisane ngoceh tapi malah ndlepus thok maring rakyate.

Tek nteni realisasi penjalukanku, Gus…
Sumpah….

rawins gawe revolusi

0 comments:

Posting Komentar

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena