02 Februari 2013

Wis Watek Menungsa


#Roaming

Bar reang kambi menejere. Apa maning nek udu urusan kesejahteraan anak buah.

Ora urus dianggep SARA. Tapi jujur wektu krungu duwe bos anyar wong Jawa nyong sempet duwe harepan mandan akeh. Maune jabatan kuwe dicekel nang nuwun sewune golongan sipit terus. Makane njaluk apa-apa sing ana urusane kambi duit sok angel kudu direwangi padu.

Apa maning basan weruh wonge sumeh trus program kerja termasuk kesejahteraane apik pisan. Bocahan ya kegawa semangat rumangsa ana perubahan timbang sedurunge.

Tapi menungsa tetep menungsa. Nek wis ketemu duit anyes gampang klalen kanca. Kakehen ndabrul sing akibate semangat bocahan malah anjlog lewih parah dibanding maune. Tek rasa mendingan biyen. Angel gole aweh tapi ora tau njanjeni. Siki janji diambrah-ambrah tapi ora nganggo bukti.

Trus sing paling gawe mumet nek bocahan wis mulai nakokna. Jaman biyen nyong esih teyeng semaur, "ya sabar dimin lah. Ngerti dewek wong Cina kaya ngapa nek urusan duit..."

Siki nyong kudu semaur kepriwe pas bocahan takon, "juragane siki mbok wong Jawa deneng malah ngungkuli Cina, pak..?"

Dadine ajeg-ajeg kudu temandhang dewek maning ngurus pasukan
Ngasi sok mikir nangkene digaji mung kon padu karo bose
Ndasku lah...!!!

Intine
Ora Jawa ora Cina ora Landa, nek pancen wis watek ora bakal mari sedurunge dibatek...


5 comments:

  1. ruming juga kita, jawane jawa cerbonan ngapah..tong!!

    BalasHapus
    Balasan
    1. basa banyumasan mang
      cirebonan ora teles nyong...

      Hapus
  2. ya kuwe nek wis tumandang karo ndhas sing pikirane ijo-ijo wernane dhuit, nag endi ora, pada bae Kang. kejaba nek sing kerja didasari ngibadah, ndean ya beda tulih.

    BalasHapus
    Balasan
    1. genah iya lik
      sayange ngibadaeh sok kompakan nek nek wis urusan duit
      apa bae agamane nek ketemu duit langsung dadi seagama...

      Hapus
  3. ya kaya kue yen urusan duit ura ono sik di wedeni wedine cuman karo KPK, yen kiro2 angel jaluki duit undangno KPK bae kang........hhhhh

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena