25 Februari 2013

Basa Njijiih


#Banyumasan

Seminggu pisan nulis ngapak, ana sing ngromed. "Apik iso rutin nulis nganggo boso Jowo. Tapi mbok ojo milih boso sing njijiki tho..."
#Lambenyah...

Bisa baen nyong nulis nganggo basa Jawa wetanan, Sunda apa Dayak. Trus kenangapa milih basa Banyumasan, salah siji alesane ya gara-gara ana sing nyocot kaya kuwe mau.

Ora wong daerah liya thok. Wong Banyumas dewek ana bae sing bebeh nganggo basane dewek alesane ngisin-isini. Ngeblog pinter, tapi malah lewih bangga nganggo basa Inggrisan sing tanggane ora mudeng, deweke ya asline anu embuh.
#Ndaskulah...

Sing disebut kacang klalen lanjarane ya kaya kuwe. Ora mikir nek basa Banyumasan sing jere kasar, asline malah induk kan bahasa liya. Basa Jogja Soloan etungane kan gagrak anyar. Wong biyen basa kraton ya nganggone lafal "a" dudu "o". Jere wong pinter, Sutawijaya ya esih nyebut jenenge dewek Sutawijaya, ora Sutowijoyo kaya siki.

Basa sing merakyat kudu minggir gara-gara kraton kepengin ana anggah-ungguh. Basa dibedakna menurut kasta. Lambe kudu dibedakna karo isine ati. Mulane wong Jawa dadi sinau ora jujur. 

Wis genah cara maca nang basa Jawa, tulisan karo kecap kudu padha. Kiye malah sok dikurangi. Sering uga ditambah-tambaih. Bapak dewaca bapa, Demak dadi Ndemak. Nang omongan be wis sinau korupsi jal..?

Mawi sok ora konsisten
A kadang dewaca "o", kadang tetep dewaca "a"
Contone nek wong Banyumas ngomong, "tuku kenthang go kelan..." 
Nek pancen konsisten, kudune wong wetan gole ngomong, "mundhut kenthong kanggo kelon..."
#Gundulmu ruag...


Intine
Menlah diarani kasar apa njijiih nang tanggane
Ketimbang melu nguri-uri budaya slentha
#Selen tur ora petha...


27 comments:

  1. jane yo pengen nulis "o" tapi "o" sing ono titik loro nduwure ra ono neng kibord #harokat

    BalasHapus
  2. dasare wong wetan tah de tawani sega be ngedhap koh jere, de jek numpak honda ya ora gelem malah milih ngojeg yamaho karo omprengan ertigo heheh

    BalasHapus
  3. malah kuwe bahasa sing paling jujur sedunia koh. "a" tetep diwaca "a".

    BalasHapus
  4. walah aku nyerah deh mas gak ngerti artinya

    BalasHapus
  5. emang pie mas rasane kelon kenthong kui?

    BalasHapus
  6. Rika kang masak kentang go kelon sik bener kaya thean kentang ga kelan, kaya kuwe !!!

    BalasHapus
    Balasan
    1. lha kepriben sih wong nyatane kaya kuwe...

      Hapus
  7. keren juga bisa nulis pakai bahasa jawa bayumasan...

    BalasHapus
    Balasan
    1. sekali kali lik...
      sapa ngerti marekna sugih...

      Hapus
  8. sedhep diwacane... tur bisa ngguya ngguyu dhewe... hehe...

    BalasHapus
  9. Inyong paling seneng rika mosting nganggo basa kaya kiyeh...# ngerti ora Kang, simbahku dangkane ya mBanyumas anuh mburi mesjid kauman..

    BalasHapus
  10. Nek Banyumas dadi mBanyumas, Bantul dadi mBantul...apa ya korupsi? Padahal wong Bantul rata2 nyebute mBantul...tambahi m katon medhok, tanpa m malah kagok tur wagu je Pak.

    BalasHapus
    Balasan
    1. haha maap...
      mung paribasa thok lah
      ora lagi ndakwa budaya...

      Hapus
  11. seh,, dadi kaya kue,,nyong cocog kiye...

    BalasHapus
  12. basa ngapak pokokelah, njijiih kan bg kae. Bagiku basa ngapak 'mempererat tali persaudaraan' sesama wong ngapak.

    Salam kenal :)

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena