10 Desember 2012

Cokot-Cokotan


#Roaming

Cuti sing siki pancen urung suwe wong akhir Oktober nembe mangkat. Mung sewulan setengah tapi perkembangan bocahan nang ngumah lumayan akeh.

Si Ncip polaeh wis rupa-rupa. Penekan pager apa munggah meja dadi klangenan. Panganan ya mulai pinter milih-milih. Nek biyen apa-apa jel, siki teyeng nglepeh nek rumangsa ora seneng. Mulane awake ora patia akeh nambah bobote.

Ncit tah kayanu ajeg. Ngomonge thok sing tambah benthes. Tapi ya esih mumeti nek ora nganggo translator. Ngasi bingung bocah reang ngomong anyak anyuk jarku anu apa. Jebul mung njaluk anduk.

Paling keton malah nang urusan gelut. Apa-apa go rebutan. Ditukokna ijen ora kanggo gawe, tetep bae dadi reang. Nek maune mung jorog-jorogan apa thuthuk-thuthukan, siki ana maning gaya anyar. Cokot-cokotan...

Kadang mamake sing tek omong. 
Hobi nyokot koh ndadak diturun-turuna. 
Eh, sing diomong ora trima. "nyong ora hobi nyokot.."
"Jere sapa..?"
"Ngemut thok lah.."
"Ooo sejen yah..?"





18 comments:

  1. Huahahaha.
    Ora ngangge nyokot toh Mas? *kepo*

    BalasHapus
  2. pada genus-e, liya species-e, kang.

    BalasHapus
  3. lah kuwe deneng cokot2an.kwkwkwk bapake tlaten nyokoti ibune ndean?

    BalasHapus
  4. Balasan
    1. yaora ngemut thoklah
      kadang diemut juga,...

      Hapus
  5. lah, biyung-e Ncip lan Ncit apikan temen ya, ora ngasi di cokot ... aja-aja nyokote nurun saka bapake ya ...

    BalasHapus
  6. niru ramane mbok ... !

    BalasHapus
  7. liat gambar aja wis ngerti, isine mbuh :-)

    BalasHapus
  8. Ealahh......
    Dasar Rawinssssssssssssss.....

    BalasHapus
  9. bar kue gentenan gari ramane kambi ibune...hehe...ndean soten...salam kenal ya kang, sekang Bobotsari kieh inyong...

    BalasHapus
  10. buah jatuh tdk jauh dr pohonnya, ncip dan ncit palingjg kaya bapake......qqqq

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena