15 Desember 2012

Putune Ninine

#Roaming

Kayane wis dadi lakon urip menungsa nek wong tua ketemu urusan putu mesti akeh rubese. Arep bener arep salah tetep bae putune kudu bener. Pokoke mending ngalah timbang kualat. Timbang disepatani sugih apa ora dadi gawe sih..?

Wong tua ngalah meng anak kayane wis ora etungan. Tapi tetep bae sok enek nek lagi ngandani anak mandan ngomeih trus kewenangan mbaeh. Nek wis kaya kuwe, seporete lah gole mbelani. Apa maning gawe-gawe alesan, ngomong apa anane be sok salah bae. Rung rampung njelasna wis ditabrak maning tabrak maning.

"Wengi-wengi bocah nangis malah domeih.!"
"Lah wong gawe kesuh, yung. Mangsane turu malah ngupil..."
"Kowe bae sing kebangeten meng anak. Bocah ngupil koh desalahna. Ngompol be umum apa maning kur ngupil"
"Rungokna dimin, yung. Nek ngupili cungure dewek sih rapapa..."
"Halah kadar cungur go dolanan anake dewek be koh. Biyen ko dolanan susune nyong, ramamu be ora gegoh... was.. wes.. wos..."

Sidane milih meneng timbang reang karo ninine bocah
Ikhlas bae koh go dolanan asal anake gagean turu
Arep ngupili cungure tanggane be ngonoh koh
Tapi ya aja nganggo jempol sikil, nang...



8 comments:

  1. Gak ngerti postnya, cuman suka bgt sm ekspresi mereka di foto ini... hihi

    Kecup satusatu *muach*

    BalasHapus
  2. jempol sikil nggo ngupil, hehe, dadi kemutan wong sing irunge gede banget kae. sing siki wis ora dadi apa-apa maning

    BalasHapus
  3. wakakakakakakakakakakakakakakaka !
    Ninine lucu timen ko...

    BalasHapus
  4. Ngupil nganggo sikil gajah sisan mas :)

    BalasHapus
  5. Kue di rungakna ninine sik ngomong biyen rika luwih parah.......hhhhhh

    BalasHapus
  6. jan..jan..
    ninine la iya luh...

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena