29 Desember 2012

Trilogi Dengkul


#Roaming

Ndean kiye sing disebut trilogi tragedi dengkul...

Wektu esih nang alas, lagi penekan masang grounding sempat kepleset trus dengkule ngambung lingir wesi siku. Lara sih ora, tapi gurieh jiaaaan... Ngungkuli diambung Marshanda pokoke
#Diambung nganggo angkot.

Rumangsa meh cuti, lara ora dirasa. Mikire mengko nek butul ngumah tinggal diurutna meng dukun pijet. Nyatane tekan ngumah langsung mari. Mbuh mari temenan, mbuh klalen gara-gara kakehen mikir pijet-pijetan mbi mamake tepleng.

Saking semangate mbayangna acara pijetan, pas mlumpat amben ndilalah lampu wis dipetengi. Dasar dengkul ra due mata, lingir amben diembat seporete. Persis peribahasa sudah jatuh ketimpa tetangga. Dengkul njarem dipindhoni amben, niat ngibadah kudu dibatalna secara hukum. 
#Ngenese pol lah..?

Let pirang dina wis mandan kepenak. Critane kepengin mbileni acara tertunda. Blajar kan pengalaman, munggah ambene wis ora nganggo acara kemlithakan maning. Tapi urung be dilabuih anak wedon malah usak-usek baen. Wedi anake tangi, titik lokasine depindah mengisor gelaran kasur.

Ngerti bibite pada ngungsi, bocahan malah nglilir temenan njaluk melu. Anak lanang sih kalem gole mudun kan amben. Lha anak wedon anu nlithise ora etung, mudune ndadak mlumpat kaya sun go kong. Mawi titis maning gole milih lokasi pendaratan.
#Tungkake ngacar dengkul...

Westrah...
Pokoke klamite jabang bayi
Aja tiru-tirua anak putu...



21 comments:

  1. oalah.......ya prei lih pijetan dadine lik,kasiman deh lo :P

    BalasHapus
    Balasan
    1. dengkule sih tlonyar tlonyor tekan ngendi ora. tekan marshanda pisan

      Hapus
  2. Hihihi asli roaming zona luar angkasa ...

    BalasHapus
  3. mesakke men mas ... :D

    BalasHapus
  4. haiyaaaaah... mringis mbayangke rasane dhengkul e Mas. Iki to wiwitane... ckckckck

    BalasHapus
  5. Melas temeeen..

    Sing arane dhengkul karo sikut yen kena lingir wesi, kayu, apalah, larane ora karuan.

    BalasHapus
  6. kudune dengkule pancen dirumat nang marshanda kiye.
    ben gurih jere

    BalasHapus
  7. kui jenenge menduakan ibue ncit kang, masak di banding2 na marsanda, bune ngesuk maning kang rawin di wenehi postere marsande bae ben marem thean......!!!!hhhhhh

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena