03 Juni 2013

Tembangan Bocah Gemiyen

#Banyumasan

Jaman nyong cilik...
Akeh tembangan bocah sing kayane tah ora bener tapi ora nana wong tuwa sing nglarang. Mbuh nek malah sing tuwa sing maraih mulane teyeng kaya kuwe kedadeane.

Nyong nganggep ora lumrah soale angel dilebokna logika. Contone nek lagi dolanan layangan terus kepaten angin, mesti pada nembang, "cempe cempe undangna barat gede..."

Padahal kyaine sok crita nek pengajian, udan barat kuwe urusane malaekat. Yakin gologokin nyong rung tau krungu kyaine ngomong malaekat aweh surat kuwasa maring cempe kon ngurusi angin.

Tembangan sing lewih ora patut ya ana
Ora ngandel takon baen meng Lik Zach. Nek bar prentah cempe kon ngundang angin, basan tekane barat dikancani udan terus tembangan maning. "Terang terang kakine negor gedhang, kepenclas konthole goang..."

Ora memper...

Tapi ana maning...
Unggal ana monthor mabur liwat, gagean nembang, "monthor mabur njaluk duite. Ora wei sogok silite..."

Nek sing kuwe tembangane Juragan Pacul. Malah kegawa kelu nganti gede. Ora ketang monine ganti dadi, "ora wei sogok pramugarine..."

Tapi ya aja nyalahna bocah jaman gemiyen. Wong nyatane nang monthor mabur jaman siki be ana sing kurang beres. Contone kaya nang gambar kiye...




Percaya ngonoh
Ora percaya awas..!


Intine
Nyong ora ngerti apa maksud tembangan-tembangan kuwe
Pancen ora genah isine tapi dadi klangenan
Apa maning tembangane Pacul versi 2
*Ngenteni versi telune ah...



22 comments:

  1. Balasan
    1. nek tembangan 'montor mabur njaluk duwite' aku yo ngalami mas. mbuh mbiyen sopo sing ngajari, wis lali ...

      Hapus
    2. kok mengambil / memindahkan pesawat di penjara ya? kakakaka ngangkat pesawat aja gak kuat

      Hapus
    3. sapa jal sing ngajari nyogok silit montor mabur
      apa maning mindah..?

      Hapus
  2. Yowis,,,,,, aku percaya wae karo koe Kang,,,,,,

    Salam wisata

    BalasHapus
  3. hahaha...Pak Raw, aku ngerti kabeh kui lagune...
    biyen mbah putri sing ngajari
    kabeh jih terekam apik nang memori...

    BalasHapus
  4. gak ada translatenya nih mas? :)

    BalasHapus
    Balasan
    1. ora translit translitan...
      men kawus...

      Hapus
    2. gugel saki support bahasa jawa loh, bisa ditranslit.

      Hapus
  5. Padha bae karo tembangan versi indo: balonku ada lima...merah kuning kelabu merah muda dan biru...meletus balon hijau..door. Saka ngendi kuwe..wing nduwene mung lima.

    BalasHapus
    Balasan
    1. genah pada ora memper nek gawe tembangan...

      Hapus
  6. cempe cempe undangna barat gede..."

    enyong kembiyen yo kayak kuwe nek dolanan layangan, utowo nek ngadang wuh2x an tibo nang ngisor wit...hehhee

    BalasHapus
    Balasan
    1. itu deneng wadon wadon seneng layangan..?

      Hapus
  7. nyong ngertine
    montor mabur thiet, bocah gundul ngopet :))

    BalasHapus
    Balasan
    1. deneng sejen
      perasaan cipari ora adoh..?

      Hapus
  8. nyonge manut bae lah...ncen montor mabur awet mbiyen kuwi ya khayalan.

    BalasHapus
    Balasan
    1. motor mabur itu kapal terbang kalo sekarang namanya pesawat *maybe.

      Hapus
  9. hahaha.. sng di maksut udan barat apa sih.. sampe saiki aku bingung -_-

    nek ana layangan bual kaya entut hahaaha..

    tauge tauge udane sing gede
    taurang taurang udane sing terang .. mantra kie beneran mempan loh, jadi pawang ujan ora payu.

    nek motor mabur mah aku ngene..
    motor mabur balapan cina, omah duwur ditinggal lunga.. horreee *keprok keprok berjamaah* .

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena