28 Juli 2013

Celeng

#Banyumasan

Urip nang alas, apa maning sing teyeng digawe crita nek ora celeng. Crita SPG mbok diomong ngrebut lahane wong liya. Topik kuwe kan wis dadi lapake juragan kaos sekan Korea.

Asline nyong ora kaget karo sing jenenge celeng. Soale jaman cilik biyen, sering ana celeng mlebu ndesa. Sering werueh nek kaya kuwe, dudu nyong sok ngepet. Nek ngopet lah kayane tau....
*tiru lilike zach...

Malah biyen nyong meh kesrudug...
Critane kan lagi klinthung meng tangga desa njujugna tempe serinjing menggone lilike. Ndilalah nangkono akeh wong Sundane. Pancen krungu ana sing rame-rame lagi ngoyok-oyok apa. Tapi goleh ngorong-ngorong nyebute, "bagooong... bagooong..."

Nyong ya santae bae. Sengertiku bagong kuwe kan jeneng wayang aliase bawor. Basan cedek jebul celeng. Anu nyong esih cilik sekolah be urung, mlayua ya mesti kecandhak. Sidane tempene tek tumplek, rinjinge tak walik go umpetan.

Pancen aman ora ngasi kesrudug. Tapi tekan ngumah malah disrudug mamake. Tempe sepirang-pirang ledeng kabeh kepenyak celeng sisan wong sing pada nguber.




Nek nangkene...
Celeng cilik biasane lulut tur ora galak. Tapi nyong wis kapok ora pengin ngulaih maning. 

Dudu masalah rinjing apa tempene tanggane kepenyak. Biyen pas anyar teka mengeneh, nek liwat sok ana celeng ngglibed bae meng sikil. Kesuh, tek dupak nganggo sepatu septi ngasi kaing-kaing...
*celeng bener kaing-kaing yah..?

Celeng cilike kabur mbecir bantere ora etung. Jarku kapok ora maning-maning ngrusuih wong liwat. Jebul teka maning karo mamake. Gantian nyong sing mlayu ngasi keplarak-plarak dibedhig celeng gedene se drim...
*kapok polow yur drim...


Pokoke
Nek urusan celeng, kenangan indah wis akeh
Ora maning-maning lah...


63 comments:

  1. kiye mesti gara-gara wingi dikomen babi pink terus dadi terinspirasi cerita celeng.

    yen nang aceh kene, celenge metu mung pas bengi, turun gunung. yen awan gilirane kethek2 pada dolanan nang mburi kantor :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. genah iya koh
      kelingan sing komplen babi pink, dadi pengin nulis celeng...

      Hapus
  2. Hahahaha. Iyo Kang... Dikomen babi pink trus crito soal celeng. :)))

    BalasHapus
    Balasan
    1. nangkene celenge ireng ireng, lik
      sing mandan ngepink kan celeng kota

      Hapus
  3. celeng kalau bahasa bekasi.= mabok parah kebanyakan minum Arak

    BalasHapus
  4. Di duga menunggu adzan magrhib terlalu lama, Seorang kakek nekad adzan sendiri

    BalasHapus
  5. nek neng cilacap siki angel golet celeng, anane mukur gari celeng daden alias babi ngepet

    BalasHapus
    Balasan
    1. apa temenan ana sih celeng ngepet..?

      Hapus
    2. Ana mas..., ngapuntene tapi biasane wong sunda sing ky kuwe,
      ndisit ana ning desaku, pas awan2 ana celeng di uber-uber banjur di rojong karo kuli-kuli, apa jajal kuli-kuli?
      nah setelah mati pada di bagi2 iwake, setelah 2dina kemudian ana wong sunda goleti wong.....ceritane dawa kie.

      sing ke2 aku dewek urung ngerti sejatine jere nek pas ana celeng daden liwat balangi sarung apa jarit, lha gelem malik dadi menungsa. kie aku ora ngerti temenane bener apa mung mitos thok

      Hapus
    3. ya muda muda ora ana wong sunda klinthung mengeneh
      tapi genah iya, crita crita kaya kuwe lewih sering krungu kan daerah kulon. lha kuwe wis diberek sih kepriwe nasibe..?

      apa nyong njajal ngesuk meng alas nggawa sarung yah, lik
      sapa ngerti trus wujude rubah dadi asmirandah...
      *gawa bali lah...

      Hapus
    4. Bar di berek rame-rame ya iwake bubar di bagi2, sing goleti sampe nginep mbarang nang nggone luraeh ndisit. Tapi priwe maning anane ky kuwe. Ibarat bubur wes gari koredane...salah ora kuwe? nasi wes dadi bubur kayane sing bener. pulanglah sang pencari dengan penuh rasa ........

      Hapus
    5. brarti kuwe mangan daging menungsa ya lik..?
      rasane sih kepiwe..?

      Hapus
  6. wehehe... ujarku urung lan ora wedi celeng dadi kepaksa diwanek2na, demi kerjaan hihi..

    BalasHapus
    Balasan
    1. genah iya
      kepaksa kluyuran nangumaeh celeng demi celengan...

      Hapus
    2. Sip Mas, moga2 cepet kebek kuwe celengane. Apa anu akeh celengane ora mukur siji?

      Hapus
    3. siji lah...
      siji nang jogja siji nang jakarta siji nang...

      Hapus
  7. heheee.....kabuurrrr mergo celeng yak, keweden karo celeng.

    BalasHapus
  8. Hahaha... koplaak, wong banyumasan tok sih kie.
    Banyumase ngendi maan..?

    BalasHapus
    Balasan
    1. endi maning nek ora cedheke kubangkangkung

      Hapus
    2. alah rika ngaku wong nusakambangan be ndadak isin isin...

      Hapus
  9. Dengan penuh kerja keras aku baca tulisan ini sampai selesai. Dan aku sedang menunggu keajaiban sapa tau aku ngerti artinya.

    BalasHapus
    Balasan
    1. nggak tau nggak papa Mas. wong nggak penting koq.
      ini nanti saya duga ceritanya bersambung ke soa jagain lilin.

      Hapus
    2. Betul itu kata mas Roni..

      Hapus
    3. ada yang lagi ngepet Kang Rudy...

      Hapus
    4. mending ngepet timbang ngopet..?

      Hapus
  10. nah poto kae celeng klewus ya Kang.
    langka sing pink maning kaya paporite rika, haha

    BalasHapus
    Balasan
    1. ngesuk lah masa oraa nek muduk kota tek tuku pilox...

      Hapus
    2. jare klewus kui luntur pak Zach...

      Hapus
    3. luntur emange dikucek..?

      Hapus
  11. Oalah...... siraku mumet jaga lilin sampai orang pada ngerti isi dari artikel ini.

    Salam wisata

    BalasHapus
  12. Tulisane rika tek bagikna nang kene, https://plus.google.com/u/0/118225361132164698284/posts/NyNYduAV6BA

    Nek ora ulih ya tek busek.

    BalasHapus
    Balasan
    1. gari lah...
      nyong nulis anu kaya wong ngising. asal plung ya klalen arep kendang arep dipangan iwak ora urusan heheh

      Hapus
  13. Dapet aja nih fotonya .. emang banyak banget ya di sana ?
    Di Kaltim dulu walaupun ketemu sih hanya sekali ... pas lagi mandi ha ha.
    Tks

    BalasHapus
    Balasan
    1. nangkene akeh lik
      sok galem klinthung tekan kampung...

      Hapus
  14. celeng po ora "nggrok nggrok" Pak? Masa "kaing kaing" sih?

    wah, celeng nang kene wis biasah Pak, mburi ngumahku tak tanduri tela, godhonge dimasak nek lagi kepingin gule ala batak, eeeh bul woh e ngisor dikedhuki celeng...entek.

    BalasHapus
    Balasan
    1. iya ding...
      persis pacul yah sok ngorok...
      nangkene kebone kebon karet ya aman ora diganggu celeng

      Hapus
  15. celeng karo babi, opo bedane mas ?

    BalasHapus
    Balasan
    1. celeng kuwe basa jawa
      tapi sok dinggo nyebut babi alas
      babi kampung lulut ora ana gadile kaya babi alas

      Hapus
  16. hi ahahaaha..
    celeng ireng..

    bulune kelihatan kaku dan kasar pasti gak pernah samponan pake dav :D, tapi anake unyu unyu yah cuma ngiler ora sih?!.

    BalasHapus
    Balasan
    1. ngiler kan nek mang lembu ndeleng ko, yu...

      Hapus
  17. oalaaah.... aku ngguyu ra uwis uwiiis... dasar celeng yak! :D
    etapi nek dong dolan nang pekalongan, aja sok kelingan celeng trus undang2 celeng ya... mundak digebuki wong akeh karena kuwi pisuhan sing paling nemen... asu be kalah! haha...

    BalasHapus
    Balasan
    1. seneng temen nek weruh kanca sengsara..?
      haha...

      ya siap ora bakal misuhi celeng nek nang pekalongan
      misueh kalong bae yah, yu...?

      Hapus
  18. Ngomong bab celeng dadi kelingan jaman semana kira kira taun 87an kiye jan kisah nyata sing aku melu ngalami nang desa kalikudi kecamatan adipala kab cilacap
    rikala samana enyong ya egin tesih cilik kelas 2sd
    esuk 2 ana wong titir kambi melung melung wong sedesa pada metu kabeh ngoyok celeng .
    celeng liwat ngarep umahku lah kebeneran pisan
    ponakanku sing umur 3 taun lagi ngadeg nang ngarep umah ijig ijig celeng teka ngembus 2 kuwe bocah. biyunge mberek 2 wedi mbokan bocah kuwe di srudug celeng ..
    alhamdulilah celenge langsung mlayu jalaran wong pada teka
    akhire celenge ke dekep bajur rame rame di gawa maring mbale desa .wong sedesa geger gara 2 ana celeng mbeles ke dikep
    pak lurah prentahna celeng kuwe kon di kubur nang mburi mbale desa . dasare wong pada kemaruk pengin daging sebaline lurahe banjur kuburan celeng kuwe di dudah . celenge di jiot banjur di berek daginge terus pada di masak ..
    masakane urung mateng wis ana sing kesurupan
    Tulung tulung awaku aja di edel edel balikna enyong meng kroya " kuwe omongane sing kesurupan
    jian waktu kuwe kahanane sungguh mencekam wong pada wedi metu mbengi
    Apa maning wektu kuwe wulan sura

    BalasHapus
  19. Ngomong bab celeng dadi kelingan jaman semana kira kira taun 87an kiye jan kisah nyata sing aku melu ngalami nang desa kalikudi kecamatan adipala kab cilacap
    rikala samana enyong ya egin tesih cilik kelas 2sd
    esuk 2 ana wong titir kambi melung melung wong sedesa pada metu kabeh ngoyok celeng .
    celeng liwat ngarep umahku lah kebeneran pisan
    ponakanku sing umur 3 taun lagi ngadeg nang ngarep umah ijig ijig celeng teka ngembus 2 kuwe bocah. biyunge mberek 2 wedi mbokan bocah kuwe di srudug celeng ..
    alhamdulilah celenge langsung mlayu jalaran wong pada teka
    akhire celenge ke dekep bajur rame rame di gawa maring mbale desa .wong sedesa geger gara 2 ana celeng mbeles ke dikep
    pak lurah prentahna celeng kuwe kon di kubur nang mburi mbale desa . dasare wong pada kemaruk pengin daging sebaline lurahe banjur kuburan celeng kuwe di dudah . celenge di jiot banjur di berek daginge terus pada di masak ..
    masakane urung mateng wis ana sing kesurupan
    Tulung tulung awaku aja di edel edel balikna enyong meng kroya " kuwe omongane sing kesurupan
    jian waktu kuwe kahanane sungguh mencekam wong pada wedi metu mbengi
    Apa maning wektu kuwe wulan sura

    BalasHapus
  20. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  21. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena