14 Juli 2013

Jaman Semana

#Banyumasan

Kanca-kanca lawas lagi pada seneng masangi poto jadul nang pesbuk. Mayan bisa go ngumpulna kanca sing puluhan taun ora ketemu. 

Tapi ya kuwe, kelingan jaman semana apa sing ora dadi kebayang maning. Apa maning nek pasang poto pramukaan sing gabungan karo sekolahan lia. Ngerti dewek STM pasukane batangan kabeh. Ngumpul bocah SMEA SMKK sing isine wadon tok, judule tumbu nemu tutup. 

Nek acara gojlogan, wis kuwe kesempatan go golet yunior sing madan kena desawang. Ket sore wis mulai ngincer sasaran trus pada rembugan si anu nyekel regu kae, nyong nggawa regu sing kiye. Pokoke persis anggota hewan rebutan proyek.

Tau pas kegiatan nang SMEA. Upacara pembukaan wis keton bocah wadon sing marekna gedeblug tresna nang injenan pertama. Bengine kaya biasa bocahan kon pada turu, lampune depateni trus digedor-gedor kon ngumpul nang lapangan. Wujude werna-werna. Ana sing ora sepatuan, kaos kakine mung sebelah apa klambine kewalik.

Pas pemeriksaan pasukan, bocah sing tek incer mbuh kepriwe sepatune tengen kabeh. Langsung mrenges nyong persis pulisi olih tilangan. Sing kepikiran, gari milih koweh pus ap ngasi elek apa damai ngesuk malem minggu tek apeli.

Tek prentah ganti sepatu sing bener, malah semaur, "wedi mas peteng. Kancani ya..."

Naah, kesempatan mbok..?
Rejeki pancen ora bakal salah alamat. Tapi ya tetep kon pus ap dimin nembe tek jujugna. Ora penak karo panitia liane, makane mung tek kancani tekan latar tok. Bocaeh kon mlebu kelas dewek.

Tek nteni mandan suwe koh ora metu-metu kan kelas. Kewatir mbok semaput gara-gara keweden, gagean tek tiliki. Jebul bocaeh lagi nglemprak nang tegel karo nyawang longan meja.

"Kon ganti sepatu malah ndomblong kaya tulup dikethek..?"
"Kiye nyong kudu kepriwe sih lha eh..?" *pasang tampang inosen...
"Apane sing kepriwe..? Kuwe nang longan sepatune sapa..? Nune kancane ya men dinggo bae asal medeng..."
"Genah bingung, mamase aja galak-galak ya..."
"Wong sepatuan tengen kabeh, ya diukum lah. Wis gagean dinggo, mbalik meng lapangan..."
"Kuwe masalaeh, mas. Sepatu sing nang longan kiwe kabeh. Nek tek nggo mengko diukum maning..."
#Klamite jabang bayi ora patia kaget...

Mbalek meng lapangan
Nyong langsung marani kanca sing mau uga ngincer bocah kuwe. "Ijolan regu lah, ndol..."
#Apes...



Intine
Kelingan jaman biyen, sok dadi pengin nom maning. 
Apa enggane kudu ngaji ula men teyeng nlungsumi..?


32 comments:

  1. Hoahahahahahahaha. Oalah Kaaaaaaang.. Maklumlah bengi peteng dikon nggae sepatu.

    BalasHapus
    Balasan
    1. tapi ya aja nemen-nemen, lah
      ayu ayu je o'on. ora kiwe kabeh kepriwe wong sing tengen kabeh dinggo...

      Hapus
    2. wkwkwkwkwkwkwk,,,,,
      ngapak tenan,,,, bca aja ngakak apa maneh krungu dewe,,,

      Hapus
  2. Eh...rika tau nom jebulnya yah?

    Klamite...

    BalasHapus
    Balasan
    1. iya genah kalah karo rika sing wis tau tuwa ora mblenger-mblenger

      Hapus
  3. wah dilihat dr fotonya, bang Rawins nih kayaknya angkatan jalen (JAdul tuLEN) ya kang ... setaraf mang Hadi nih hihihi... jadi inget masa kecil sing ngenes kang tapi ayem..

    BalasHapus
    Balasan
    1. nek mang lembu sih ketuan, lik...
      sing penting ngisore esih 18 taun lah...

      Hapus
    2. aduh kan nek digetok, lik..

      Hapus
  4. kaya tulup dikethek apa kaya kethek ditulup ta Pak Raw?


    iku apa sampeyan biyen?

    BalasHapus
    Balasan
    1. hihihi kewalik ya, bu...

      dudu lah wong nyong sing moto koh...

      Hapus
    2. pas bocah wadone deprok nang mlester koh ra dipoto nang rika kang ?

      Hapus
    3. jaman ganu lik...
      moto sing ora ya eman eman. jatah kegiatan 2 dina paling pilem serol isi 36

      Hapus
  5. lha kie kepriwe... sing ngincer kok yo ra pinter...

    BalasHapus
    Balasan
    1. salah sasaran mus
      wong ketone kesinge maen...

      Hapus
  6. bocah wadon mau mungkin saking wedine apa saking terpesonane karo rika Kang, dadi ra bisa mikir .... wkwkwk

    BalasHapus
  7. jaman mbiyen pas urung usum sabun yo pak...jaman jadul

    BalasHapus
  8. ha.ha.ha. bocahe kesengem rika dadi ra bisa mikir ...

    BalasHapus
    Balasan
    1. masa sih..?
      ngertia langsung cipok lah.. haha

      Hapus
  9. om itu yang di poto om ya ??

    BalasHapus
  10. saya ngga baca, tapi merhatiin Kakak yang di belakang Kakak Pembina...itu loh yang pake jam tangan...kayanya jadinya cantik tuh ya...?!

    BalasHapus
    Balasan
    1. ah si amang mah pal wae kanu herang
      herman geus aki aki can insap keneh wae...

      Hapus
  11. skop ah bacanya gak ngerti mas :)

    BalasHapus
  12. wkkkkk......lha koq rika ganteng jaman gebiyen yo kang?!hhhhhhh

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena