21 Juli 2013

Ora Akur

#Banyumasan

Sore-sore dipanggil ibu deputy direktur, ditakoni kenang apa nyong ora akur karo menejere.

Tek omongna bae apa anane. Nyong ora cocog karo carane sing segeleme dewek. Nek gawe proyek ora nganggo ngobrol dimin karo bagian lapangan. Ngerti-ngerti kirim alat kon dipasang padahal sing paham kebutuhan karo kondisi lapangan kan nyong. Mawi ngirime mesti alat sing larang-larang.

Timbang nggrundel nyong aluwung terus terang ora melu-melu. Ndilalah bocahan ya pada kurang ajar melu-melu ngomong bebeh. Sidane nyong mung bisa ngomong meng pak menejer, "ngonoh garap dewek karo vendore..."

Jujur nyong wis kapok kambi menejer sedurunge. Polaeh pada bae seneng gawe proyek larang. Boro-boro bagi-bagi jatah kan vendor go bocahan, ngomong spek alat be ora tau. Gilirane alat ora cocog bola bali rusak, sing bagian lapangan sing disalahna.

Disemauri kaya kuwe, bu deputy malah semaur, "iya nyong be janjane mumet karo bosmu. Pecat bae apa yah..?"

Lha kuwe sing ora penak...
Wis olih proyek akeh terus minggat kan gawean. Nyong karo bocahan maning sing kudu kerja bakti ngrampungna proyeke. Buntut-buntute ora bakal adoh kang biasane. Nek kumpulan karo direksi mesti metu maning tembung, "divisimu teyenge mung ngentek-ngentekna duit tapi ora ana hasile..."

Pegawean koh nyewoki proyeke tanggane terus
Sapa sing ora wareg jal..?

Ana tapine...
Senajan ora akur nang gawean, urusan kekancan nyong tetep apik. Nek ketemu ya ngobrol ngopi cekakakan bareng. Tapi nek wis nyremped urusan proyeke deweke, gagean nyong angkat tangan. Nek deweke meksa nyong kudu nggarap, malah sisan gawe angkat kaki.

Ora apik pancen
Tapi genah kaya kuwe kenyataane koh...


Pokoke
Akur ora akur tetep tek lakoni nang jalure. Ora akur nang gawean, ora berarti mungsuhan sekabehe. Urusan kekancan kudu tetep apik. Arep kepriwe-kepriwe, menungsa ora ana sing sempurna. Sesue peribahasa, tak ada gading yang tak klethak...


44 comments:

  1. nggeh dilakeni mawon kang.....anane

    BalasHapus
  2. sambil garuk-garuk kepala, mengangguk-ngangguk seakan-akan memahami, padahal kepala pusing 102 keling ..postingan kali ini isinya apa yaaa..alaaahh mas rawins kali ini benar2 ora akur dengan para pembaca dech..... :-)

    BalasHapus
    Balasan
    1. ya sing gede pangapurane, lik
      nyong genah kaya kiye anane...

      Hapus
    2. ooo, baru tau, rupanya nama Pak Rawin tuh Anane...kaya nama bule aja ya?

      Hapus
    3. lah wong nyong ya ana
      nek rika lah anta
      kepriwe..?

      Hapus
    4. andai saja boleh pinjem istilah Lik Pacul...semmmm

      Hapus
  3. Lha ya aja kaya kue.... Hihihi... Jadi keinget rombongan cilacapan pas jaman masih kuliah......

    BalasHapus
    Balasan
    1. tela iya koh
      ketularan lilike zach dadi elek kaya kiye koh ngomonge

      Hapus
    2. memang, Pak Zach tu nular-nulari...

      Hapus
    3. elek nular...
      jian dela maning tetanus kayane luh...

      Hapus
  4. inyong melu macul lah....ana lowongan apa ora nang kana ?

    BalasHapus
    Balasan
    1. takon kang gambar pacul nganah

      Hapus
    2. rika wis dadi juragan koh esih sok ngilang-ilangna
      priwe kabare muara angke, esih akeh randa ora..?

      takon pacul ya mubah.. :D

      Hapus
  5. Sing penting aja pada jotos-jotosan ya pak hahaha

    BalasHapus
  6. kyeh ana solusine : rapal kulhu geni sewu balik bae

    BalasHapus
  7. menejere diklethak baen. nek uwis diamplas, bar kuwe dicantolena nang tower.

    BalasHapus
    Balasan
    1. setuju karo mamang siji ke'

      Hapus
    2. nglethak muntul malah enak lik
      sanes kitu, mang..?

      Hapus
  8. Walah Kang. Bingun yo ngadepi kaya ngene kuwi.

    BalasHapus
  9. memang nyewoki bisa gawe wareg Pak?

    BalasHapus
  10. ya kaya kuwe mas nek kerjanan ora pas karo karepe sing nglakoni, pecat bae bose mas, haha

    BalasHapus
    Balasan
    1. haha ajalah melas
      mbok kaliren anak bojone

      Hapus
  11. bose di cedaki baen, sopo ngerti rika oleh cipratane...hehee

    BalasHapus
    Balasan
    1. malah tambah repot
      kebagian sitik, buntute tambah dawa nek ana masalah terus digawa gawa

      Hapus
  12. pada ndopok apa si jere......petane rame temen....kye ngeneh d bageni lah..

    BalasHapus
  13. pites bae kaya kewan sg uripe gon rambut..

    Pegawean koh nyewoki proyeke tanggane terus.. ahahha penggunaan kalimat yang pas.

    BalasHapus
    Balasan
    1. lha kon nyewoki ko ya bisa bubar pasar mengko, yu...

      Hapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena