06 April 2013

Prawan Kalimantan


#Banyumasan

Jenenge Maryanto
Tapi nyong nyeluke Yanto. Deweke wong Jojok Kampung Laut, nang kene ngode dadi bagian elektrik pelabuhan tongkang.

Kaya umume wong Clacap, polah-polaeh persis Kaki Pacul. Apikan karo tangga tapi ndableg tur prangas-prenges.

Nggal sore isine mung reang njaluk bukakna blokiran yutub. Jarku anu arep ndeleng National Geographic apa CNN. Jebul mung arep dangdutan sinambi ngemut danggoreng. Lewih apes maning, favorite tembangane Didi Kempot sing judule Prawan Kalimantan.

Mulane nyong sok mikir, memper-mempere deweke lagi tergemblung-gemblung prawan kene. Soale kan cara ngomonge sok melu-melu kaya tembangan kuwe. Nyampur-nyampur basa Jawa kambi basa Banjar sing pancen mandan mirip-mirip. 

Wong Banjar nyebut nyong kuwe ulun, persis artine karo basa Jawa lawas. Kowe nangkene disebut piyan, ndeyan kang tembung sampeyan nang basa Jawa.

Si Kepribendotcom sering banget ngomong kaya kuwe. Jarku anu lagi dandan listrik. Jebule lagi ngaraih cacing sinambi ngalamun sing kanan-kanane apa kiri-kirine ndeyan mbayangna prawan Kalimantan sing kaya artise Monata.

Ulun menek piyan...
Ulun menek piyan...

Sekarepmu lik...
Dangdutan maning baen njuh lah...


Intine
Wong Clacap pancen eksotis
Mengdi paran wateke ora nganggo rubah
Merakyat, merakati, kadang merakatak...



22 comments:

  1. wong cilacap memang eksotik Kang. apa maning Vicky Zu

    BalasHapus
  2. Hahahahahahaha. Kang... Kang... Sampeyan ki ono-ono wae...

    BalasHapus
  3. kirain alam kalimantan yang masih perawan nan eksotis bakal diulas disini...bul dudu.

    salam wae nggo Pak Yanto...

    BalasHapus
  4. mana nih orang cilacap, kang zach + kang Pacul...noh diomongin noh...hehehe

    BalasHapus
  5. wkwkwk tak pikir mas yanto ini tadi prawan kalimantan,,
    eh ternyata hobinya yang ndengerin prawan kalimantan,,

    BalasHapus
  6. medok pisan ya...nyong nyimak waelah...he3

    BalasHapus
  7. wkwkwk ... jan ...

    BalasHapus
  8. weeeehhh ya ngandel,,, mesti ulum kon menek pyan maning ngesuk nang proyek bledeg, tapi inyong bebeh ngebor,rika ngebor dewek men kenang spiteng kawuuuuss

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena