04 Agustus 2013

Bocah Sregep

#Banyumasan

Setu sore bocahan takon akeh tugas apa ora
Gawean sih ana terus. Tapi kelingan malem minggu tanggal nom, nyong wis mudeng karepe. Makane mung semaur, "ya nganah mbok arep pada meng kota..."

Asline sih ora ana prei. Mung sok melas nek ora diwei kesempatan represing. Paling-paling klinthung meng pasar ngecengi prawan liwat apa nginum-nginum  nanggone kanca ikih. Ora go pedinan, paling-paling nek tanggal nom thok. Tur bocahan ya ora tau gawe masalah, apa maning nganti mabok nang kantor. 

Kadang-kadang tek kancani nongkrong ora ketang mung nyruput bir thok. Paling ora nyong dadi ngerti nek bocahan termasuk tertib. Nginum nangumah sinambi gitaran. Nek krasa mumet pada turu. Ora petantang-petenteng nang pinggir dalan malaki wong liwat.

Tapi bengine nyong malah pecicilan dewek nang kantor. Letop sing go ngremot server ora nana. Wedi mbok ilang gagean nelpun pasukan. Jebul digawa alesane, "melas rika mbok arep turu sore. Men nyong bae sing garap pak, disambi jagongan..."

Kanca kerja teladan pancen...
Lagi nyantai esih kelingan nyangking kerjaan
Dadine malem minggu nyong teyeng menjalankan tugas
#turu gasik...


Minggu awan, bocahan pating pethungul nang mess
Kelingan server, nyong takon wis rampung apa urung kerjaane

Ngakune sih wis beres
Tapi kon mbukakna arep tek cek koh suwene ora etung gole ngutak-atik. Sidane tek parani takon ana apa

"Nyetinge sih wis rampung, pak. Tapi deneng nyong klalen paswote mau bengi apa yah..?"

Hoalah klamite jabang bayi ora patia kaget...
Mulane nongkrong nongkrong bae rausah sok mikir gawean barang...
#mondol...


Intine
Wong mabok pancen angel dilawan...



23 comments:

  1. ana sing mabok, siki dadi kyai. kyai park jo bong

    BalasHapus
  2. dimaboki maning ndean, men kemutan paswode

    BalasHapus
    Balasan
    1. Haha dadi kelingan juragan duren nek lagi mendhem...

      Hapus
    2. klw kata orang sunda mah sirahna degung keun...gituh kan ya m'ba

      Hapus
  3. aring mabuki ora eling apak2x kang...tuli nyleyang bae pikirane..hehhee

    BalasHapus
    Balasan
    1. lah wis men jorna bae asal esih pada kerja bener...

      Hapus
  4. lah kuwe hasile nek karo mabok..:), diumbeni maning bae kang..nggo tamba

    BalasHapus
  5. Masang gambar wong ngombe.. sedelok maneh, ki Anoman njedul ra yo???

    BalasHapus
  6. minum dan duit banyakpun jadi tak berarti kalau "SIUDINNYA BERKARAT"

    BalasHapus
  7. gambare mantep, ngombe karo nggowo duwit...tapi kok suguhane roti gabin sak kothak--ga mathuk blas.

    BalasHapus
  8. sek di ombe kue uduk miras toh, palingan teh di lenbokna neng botol men keren kayak wong pemabok sejati hikhikhik..

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena