30 Agustus 2013

Pancen Angel

#Banyumasan

Diakoni apa ora, pengaruh lingkungan kuwe lewih kuat timbang keluarga.

Sing wis genah tek lakoni soal ajar basa. Diniati ket lair ceprot bocah kudu teyeng ngomong Jawa sing mandan bener, awale sih lancar mandan bisa ngomong basa. Tapi tambah suwe ora tambah pinter malah tambah bubrah. Gara-gara nek metu ngumah, tanggane kabeh-kabeh takon nganggo basa Endonesia.

Sepisan pindho esih ngotot maraih basa, suwe-suwe mblenger dewek. Bocah ditakoni Jawaan semaure malah Endonesiaan.

Arep nyalahna bocah ya ora mungkin. Senajan bayi kayane ya wis teyeng mikir nek deweke lewih butuh gaul karo kanca-kancane ketimbang wong tuane. Timbang basa Jawaan kancane ora mudeng mending ngomong Endonesiaan sing wis genah rama biyunge ngeh.

Acara mulai ganti maning basan preian meng Tlacap. Nyong karo Mamake Tepleng wis manut melu Endonesiaan, bocah mulai ngomong Jawa maning. Malah maen pisan sing deblajari basa Jawa sing paling egaliter.

Tapi yakuwe...
Tembe rong minggu wis dejak bali nJogja, basane dadi remuk ora karu-karuan. 

Bali dolan laporan, "ayah itu pitnya disendehin pager sama dede..."
"Pager sing pundi, mba..?"
"Itulah yang perek blumbangan..."
"Dipendhet, mba. mangke ical..."
"Engga mau, Tita sudah kencot lha eh..."
*ngelus dengkul...

Ya wis ngonoh sekarepmu lah...


Intine
Mbentuk karakter bocah total nangumah kayane wis angel. Lingkungan tetep dominan pengarueh. Peran keluarga mung bisa ngrewangi ngegas karo ngerim thok. Ora patut pancen. Tapi wong wis dadi jamane kon kepriwe maning..?



30 comments:

  1. Itulah dunia anak, penuh dengan sensai danpilihan, yang akan selalu mencari perhatian dari orang disekelilingnya.

    Salam wisata

    BalasHapus
    Balasan
    1. mulane dilakoni baen apa anane pak
      manut jere gusti allah baen
      urip ana sing ngatur koh...

      Hapus
  2. waduh... sudah pakai google translate Jawa -> Indonesia tapi tetap ga nyambung... apalagi dimengerti oleh saya, wkwkwk... Tapi bagus juga tuh tulisan pakai bahasa daerah... semoga tetap lestari..

    BalasHapus
    Balasan
    1. ya sing gede pangapurane, lik
      genah niate kaya kuwe
      mangap nek ora mudeng ya...

      Hapus
    2. Ya, ra popo Mas (segitu aja taunya, wkwkwk)

      Hapus
  3. bener pisan, anak aku uga yen diomah diwulangna basa sunda sing lembut, ning dinjaba kana anak bergaul karo lingkungan basa kasar ya... apa oleh gawe, anak uga ta butuh bergaul ...

    aku uga ikuta - melon mas rawins, seminggu pisan anggo basa sunda hehehe ...

    BalasHapus
    Balasan
    1. ya maen kuwe mang
      basane dewek sapa sing arep nguri uri nek udu awake dewek...

      Hapus
  4. Oalah, genah koh. Bocahku malah lair nang Palembang, maune bisane ya basa kana, malah lewih lancar nimbang biyunge karo ramane. Untung bae siki pindah nang karanganyar, dadine bisa blajar basa jawa. Gelem ra gelem wong nang sekolahan ana pelajarane ya akhire bisa setitik-titik. tapi ya nek pas bali surabaya apa banyumas basa jawane dadi roaming maning jan.

    BalasHapus
    Balasan
    1. bocah pancen lewih cepet nek kon blajar basa. sinau basa uga lebih penak bareng bocahan timbang ketemu wong tua. wis dadi kepastian jaman ndean, nek basa daerah mulai ditinggalna pada lewih seneng basa inggrisan...

      Hapus
  5. ketoknya aku yo kudu membiasakno boso jowow marang nyunyu, mben sok ben e dadi anak sing iso boso marang wong towo, ora di gebyah uyah boso endonesah gak ono tingkatan ajine

    BalasHapus
    Balasan
    1. sitik sitik tetep perlu, lik
      wis men nang sekolahan blajar basa endonesia, nang ngumah sekali kali dijawani. ora pintera minimal mudeng nek ana sing matur

      Hapus
  6. tonggoku enek sing nyelukno anake mama karo papa, pas wayahe udan anake ngomong nang mamae, mama karaknya kok tidak dijupuk ini mau udan, ma. papa tadi soalnya macul di sawah ma, jadi melihnya agak awanan titik.

    BalasHapus
    Balasan
    1. wis jamane lik
      nek ora melu melu wedi dianggep ketinggalan jaman. padahal dunya kan muter. siki basa daerah dianggep katrok, mbesuk pad ribut sinau maning...

      Hapus
  7. sebagai orang tua wajib mengarahkan dan mencontoi yg baik dan benar, untuk hasilnya serahkan ke anak.

    BalasHapus
    Balasan
    1. rika wong ndi janeh
      goleh ngomong koh maen temen kayanu wis klalen basane dewek

      Hapus
  8. nek kencot terus ngelus dengkul, mari ya kang...

    BalasHapus
    Balasan
    1. kencote wong temanggung ya anu kepenyak...

      Hapus
  9. Malah anake kamasku ipe Speech delayed goro-goro kat bayine, neng ngomah ono sing ngomong ngendonesia, ngomong jowo ngoko, jowo kromo inggil lan ngomong londo (Woco:boso enggris).

    Jane ora speech delayed ding, luwih tepate Bocahe gawe boso dewe....

    BalasHapus
    Balasan
    1. bukane malah manteb om. pemasukane lewih akeh dadi bisa basa macem macem..?

      Hapus
    2. Yo dadine mengkolaborasi berbagai bahasa dan munculah bahasa baru sing pathing blekuthuk...

      Hapus
  10. anak-anak memang keren ya...

    dalam waktu sekejab, sudah mampu mencerna bahasa yang jarang ditemui...itu menandakan bahwa otak mereka sangat mudah menangkap hal-hal disekitarnya, pikiran mareka belum dicemari kesombongan dan keinginan muluk...

    BalasHapus
    Balasan
    1. bener kuwe bu. malah pernah maca jere wong wadon juga lewih cepet nguasai basa asing ketimbang wong lanang. bisa dadi karena wong wadon cenderung cedek karo bocah

      Hapus
  11. tetangga sebelah baru pulang dari Bandung, anaknya sebaya Zaki..

    Kak Rani, kapan pulang?---tanya saya ke seorang anak
    kemarin Bu?---dengan logat sunda
    Asyik ya ketemu nenek dan kakek?
    nenek mah nggak asyik atuh Bu, yang asyik Teh Intan sama Teh Putri...---masih dengan logat sunda


    # tik tok tik tok...mikir, baru sebulan di Bandung, logat melayunya langsung ilang...padahal tuh anak seumur-umur baru 2x mudik ke Bandung...

    BalasHapus
    Balasan
    1. kaya tanggane pacul sing olih bojo wong jerman. bali kampung 2 minggu, ramane langsung mumet ora mudeng basane anake. malah meng biyunge goli ngundang ora mom maning. mamake... :D

      Hapus
  12. Saya memiliki pohon ubi cilembu yang siap panen pada pertengahan bulan juli ini. Perkiraan hasil panen 5 ton. Mungkin ada yang berminat. Silahkan menghubungi saya di nomor tlp. 081331440023 atau pin bbm 2BB30594.
    Posisi pohon ubi cilembu saya tanam di pegunungan trawas kabupaten mojokerto propinsi jawa timur.

    Trimakasih atas bantuannya
    Salam silaturrahim

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena