11 Agustus 2013

Kayim

#Banyumasan

Nek nang Tlacap, lurah biasane direwangi perangkat desa sing disebut kaur alias kepala urusan.

Ana kaur pembangunan sing tugase ngurusi pembangunan desa. Kyaine nang mesjid sebenere ya kaur pembangunan, tapi ora resmi wong tugase mung membangunkan wong turu nek mangsane subuhan. 

Trus ana kaur pemerentahan. Sing kiye aja kleru karo kaur perentahan. Nek kuwe tah cara gaule disebut opisboy...

Sing mandan unik kuwe perangkat desa sing disebut kayim. Sebutane pada tapi tiap desa biasane ana loro. Soale tugase pancen sejen-sejen.

Kayim tipe pertama sok disebut P3N aliase petugas pembantu pencatat nikah. Kuwe asisten pengulu, gaweane ngurusi warga sing arep kawin. Pokoke kayim sing kiye urusane nyiapna awal proses pembibitan menungsa.

Kayim model keloro kewalikane sing mau. Tugase ngurus akhir proses uripe menungsa. Nek ana warga sing mati kayim kiye sing diundang kon ngedusi, mbunteli, nyembayangi nganti ndongani sewise mayit dikubur.

Tugase ora pada, makane yel-yele uga sejen. 
Kayim pertama, nek wis rampung "saya terima nikahnya.." biasane takon meng saksi, "sah nggih..?"
#saaaah... *jawaban warga

Kayim keloro beda maning. 
Nek mayite wis rampung diwacakna yasin, takone meng sing pada layad, "sae nggih..?"
#saeee..." *jawaban warga

Sah karo sae kuwe bedane sitik tapi ora olih nganti kewalik. 
Jajal baen nek kayime bar ngawina trus takon, "sae nggih..?"
Kira-kira warga arep semaur apa..?
#sampluuuuuk....


Intine
Jeneng ulih pada. Tapi nek tugase sejen, kebiasaane ya aja dicampur-campur...

gambar nitor


22 comments:

  1. mbake nek dadi kayim, enyong dadi sering maring bale desa lah

    BalasHapus
    Balasan
    1. Mengko tah ana wakayim 1, wakayim 2 lan sak panunggalane..hehehe

      Hapus
    2. ngesuk usul meng mang lembu
      golet kayime sing kaya kae...

      Hapus
    3. pancene kayim sing ngomong sae maran manten bar ndelok nganune manten po piye

      Hapus
    4. roamingggggggggggggggggggg................

      Hapus
    5. jajal baen meng pak asep takon sae, lik...

      Hapus
  2. waduh saya gak ngerti, tapi potonya cantik banget. ^_^

    BalasHapus
    Balasan
    1. ngerti ora ngerti sing penting ayu lah...

      Hapus
    2. urusan ayu mas Rawins topnya.
      "Bos besar" nda marah ya mas unggah foto foto cewek

      Hapus
  3. dadi kayim e sing di poto kui ta Pak?

    BalasHapus
  4. wiih... kayime uayu reek... nek kuwi kayim nikah bakal akeh sing mara njaluk nikah, lha nek iku kayim kepaten.apa yo arep dho mara njaluk diurus mayite? hehe...

    BalasHapus
    Balasan
    1. ya sapa ngerti dadi pengin mati seminggu ping pat..

      Hapus
  5. lha dalah bapakku (saiki wes sedo) mbiyen dadi kayim, utowo modin. tapi bedone modin utowo kayim model P3N lan Ngurusi wong mati di cekel bapak kabeh. Dadi aku sering oleh sego berkatan teko wong mati karo wong kawin. Yo sering oleh payunge wong mati, kain mori lan beras

    BalasHapus
    Balasan
    1. malah mantep kuwe, lik...
      cara jawane ol in wan...
      pantesan anake pinter

      Hapus
    2. tapi jek pinteran mas eko lho...kalah adoh lah pokoke...

      Hapus
  6. kalau diindonesiakan itu artinya apa kan ???/

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nah kan, Sengsaranya nih saya juga
      Nda ngerti bahasaa jawa
      mbok di tranlsate gitu jadi yang nda ngerti bahasa jawa bisa ikut menikmati gitu loh

      Hapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena