20 Agustus 2013

Nonton Ebeg

#Banyumasan

Seliane lomba-lomba, acara agustusan sing ora tau keri yakuwe pertunjukan ebeg alias kuda lumping. Rombongan ebeg melu upacara, bar kuwe langsung tampil mang mong mabur...

Pancen wis ora kaya biyen maning. Tapi esih teyeng tampil, miturutku maen banget. Paling ora kesenian asli Nuswantara tesih ana sing gelem nguri-uri.

Kesenian lawas akeh sing ora bisa bertahan salah sijine sabab kurang pengembangan. Cara Sundane terlalu monoton. Ket biyen ngasi siki sing jenenge ebeg yang mung kaya kuwe bae acarane. Nari-nari, mendhem terus atraksi sing ora tau ganti. Wajar nek bocah-bocah nom gampang bosen wong gangnam style apa harlem shake sing nembe ngetren wingi sore be wis ilang maning.

Angel golet atraksi liya, soale sing gelem sinau teknik kaya kuwe mulai arang. Aja mikir nek kuwe 100% direwangi jin. Tukang ebeg siki mulai nganggo teknik kaya sulapan modern. Golet jin ebeg jere wis angel. Jine pada minggat ndeyan keweden gara-gara akeh plang "terima permak jin..."

Ora ngandel akeh atraksi sing temenan teknik, jajal bae deleng nek tes mangan beling biasane njaluk degan. Asline mung kemu thok trus belinge dibuang meng jero degan, ora dileg mlebu weteng. Pengin sinau cara aman mangan beling, meng Adiraja - Adipala baen sing kaderisasi ebege lumayan mantep.

Siki malah ana ebeg sing ora mendhem babar blas. Ndeyan kuwe sing disebut ngetutna seleksi alam. Pemaine wadon ayu tur seksi. Gamelane ditambaih orjen. Tembang eling-eling mung go pembukaan thok, menganaeh dadi dangdutan.

Menceng kan awale pancen bener.
Tapi nek ora kaya kuwe apa ya bisa bertahan..?


Intine
Kenyataane pancen kaya kuwe. Ora usah ngomong salah pakem nek mung omong thok. Pikirna pemaine kudu mangan sega, ora wareg mangan budaya apa beling thok...


36 comments:

  1. dadi kangen akun multiplyne ebeg. meng endi kae bocah ya..?

    BalasHapus
    Balasan
    1. haha mbuhlah
      rika esih kelingan jaman ora enak ternyata

      Hapus
  2. nek ebege kaya sing nang gambar kue,nyong betah yakin ndelenge...

    BalasHapus
    Balasan
    1. ya ngeneh gagean bali
      lagi ana sing main kyeh nang perek alas

      Hapus
  3. Coba Mas Rawins Yang Ditunggangin.
    Pasti gempar dari Cilacap sampai Jogjakarta
    *lebay mode on"

    BalasHapus
    Balasan
    1. nunggangin apa nungginin pak..?

      Hapus
    2. Aha,,,,, sensasi bener...... tutp muka deh !

      Hapus
    3. haha pancen repot nek pak asep wis nemu sing kaya kiye...

      Hapus
    4. nunggangin sama nunggingin beda ya ?

      Hapus
    5. jal takon sesepuh sing lewih pengalaman...

      Hapus
  4. andaikan saya yang jadi kudanya...

    BalasHapus
    Balasan
    1. mung lik zach sing gelem numpak...

      Hapus
    2. saya yang nunggangi kang ci... halahhh

      Hapus
    3. haha mangga dilanjut kweh...

      Hapus
    4. saya yang nonton saja, syukur-syukur ada fotonya juga...# lari...ada ubi melayang

      Hapus
    5. pancak baen mayan kuweh
      pamaning nek sekarung...

      Hapus
  5. wow keren ebegnya... ckckckc... walau bahasanya ndak ngerti... tapi mantab deh gambar ebegnya

    BalasHapus
  6. ebeg ki kaya jathilan nang tkatah jogja po yo Pak? Rung tau nonton, tapi biyen nate weruh angguk, ya modele kaya iku...nunggang jaran kepang

    BalasHapus
    Balasan
    1. ya mirip mirip lah. cara nasionale kuda lumping
      ebeg, jathilan, angguk meh pada pokoke mung sejen nang kulite tok

      Hapus
  7. Coba ikut bonceng Kang. he,,, he,,, he,,,,

    Salam wisata

    BalasHapus
  8. sleder mbesuk wayang nggawe orgen dalange nggae rekaman tip,

    BalasHapus
  9. ebege nggon gonggomanku tau juara kabupaten Kang. tapi langka sing bohay kaya nang gambar.

    BalasHapus
  10. lier mas macanee...
    tp ndelok ceweke jadi sukaa..
    hhahaa...

    BalasHapus
  11. Mbok ana sing kpengin g0ne w0ng wtan kie wa, w0ng kaliputih kc.alian.. Bsa shri smalam.. Ana jaranan 2versi, blendrong ,panjak ,gambyong ,tarian lagu, goro goro, pokoke makny0s, kie n0mre wa, 08569800215 ,pk0ke dalange mantp kbeh, dibawh 23thn kbeh,

    BalasHapus
  12. Ijin njukit gambare mas nggo tumbnail YOUTUBE

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena