01 Januari 2008

Ganti Taun...

Taun 2007 wis tamat. Mbene bae pating bledhug krungu suara mercon karo kembang api. Tapi mbuh nangapa aku koh bebeh temen arep metu. Malah sidane ketempuhan nunggoni warnet. Tukang jaga warnete malah sibuk pithik-pithikan dhewek ket sore ora ndongol. Bocah gebleg, mbok yaa ora mangkat ngomong dadi ora tek tunggoni warnete. Arep tek tinggal wis ana menungsane sing lagi ngenet.

Untung bae bocah-bocah pondok padha ndongol meng warnet. Alaesane maring kyaine jere arep dandan komputer rusak. Padahal asline pengin ndeleng dangdut karokembang api. Jere tah rame ana telung nggon sing dangdutan. Alun-alun, pasar rahayu karo nang ngarep tasiun.

Walah… doraka ora kie lah. Mbok nang Gusti Alloh ndarani maraih santri kon mbolos kang pondok. Tapi bodoa lah, aku ora rumangsa prentah ikih.

Lah, jan... nembe bae ganti taun wis ana siang marani laporan arep reang-reang. Jere ana mobil nangarep umahku. Aku dijak bali, ana sing ngapeli biyung bocah. Tapi aku anu lagi males ngapa-ngapa, apa maning bali ya kur semaur, gari disikat bae nek macem-macem tah. Karepmu lah, mbel... Kaya kue omongku maring gembel sing kayane wis setengah mabok kewaregen joged.

Oalah… aku aku nulis kie wis arep telung jam koh ora rampung-rampung. Ana bae sing ngajak ngobrol nang YM. Tapi genah kepriwe maning wong jenenge be mempererat tali silaturahmi ya kudu dilakoni. Menungsa urip ya kudu berinteraksi soksial karo pepadha.

Isine werna-werna, ana sing glewehan tok. Ana sing curhat. Malah ana sing aseng reang jere cemburu pedah sing ditaksir sok mlebu bae maring Mpne aku.

Walah… pancen nek mikir menungsa, ora kur wujude thok sing macem-macem. Wateke semono uga.

Nyambung ---> jam tengah pitu isuk…

PLN penjorangan lah, nganggo acara mati lampu mbireng. Sidane mapan turu, menyat-menyat miki. Clingak clinguk kanan kiri, weruh bocahan pating glethak kaya gesek. Wis men padha keselen ndean tes lek-lekan…

Wis pokoke taune wis ganti.. Aku pengin nonton kaya ngapa tandhange lan nasibe aku nang taun sing anyar kie. Ora arep ngarep-arep sing muluk-muluk kakehan umuk nganti cocote ngumpruk. Tonton bae lah… Apik ya syukur, ora apik maning kaya taun sing kliwat ya pancen kurang ajar sing gawe urip.

Lha wong urip koh dites bae, lha bagi rapote kapan? Wis selek pengin preian koh. Syukur preiane sing mandan sue men bisa plesir meng pangandaran apa baturaden. Selek kebelet pengin ngecas koh. Nganggur kesuen mbok cas-casane bodol. Ana HP wis angel dicas. Nek ora kuat tuku HP maning ya golet mbok ana HP ngglethak nang dalan. Ora nana ya ngrental asal aja nyilih Hpne tanggane terus dicas. Dosa.. kang, dosaaaaa….

rawin ngalamun taun sing anyar

1 comments:

  1. Aku benar-benar ingin mengembangkan sebuah pernyataan kecil untuk mengucapkan terima kasih kepada Anda untuk beberapa rekomendasi yang luar biasa Anda menulis di website ini . Melihat internet saya cukup up telah di akhir telah diakui dengan saran yang brilian untuk pertukaran dengan tamu-tamuku. Saya akan menegaskan bahwa kita pengunjung situs sebenarnya cukup beruntung ada di sebuah komunitas yang indah dengan begitu banyak orang yang luar biasa dengan prinsip yang sangat menguntungkan . Saya merasa sangat beruntung telah menggunakan seluruh halaman web dan berharap untuk kali lebih cemerlang membaca di sini . Terima kasih sekali lagi untuk semua rincian .

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena