08 September 2013

Blakasuta

#Banyumasan

Nek pengin sehat, nginum susu
Nek pengin seksi, rumat susu
Nek pengin ayu, adus susu
Nek pengin jail, senggol susu
Nek pengin enak, kenyot susu
Nek pengin sukses, aja kesusu

Aja mikir nek kuwe puisi dablongan gaweane bocah dolan. Ngandel apa ora, sing gawe kuwe Prof. Ir. Eko Budihardjo, MSc, mantan rektor Undip.

Masa wong pinter puisine mbajug..?

Dudu mbajug, lik. Kuwe pancen watek asli wong Banyumas sing uripe blakasuta ora kenal sing jenenge kasta. Ngomong meng sapa bae asal pepada menungsa nganggo basa sing pada.

Kleru nek budaya egaliter kuwe dianggep ora duwe tata krama. Malah nek cara nyong, tata krama sing bener kuwe sing memanusiakan menungsa. Wong pada bae mangan sega koh dibedak-bedakaken. Nek kuwe jenenge ewuh pekewuh, dudu tata krama.

Mulane Endonesia Raya dadi kaya kiye, tek pikir ya gara-gara tata krama sing kebablasen kuwe mau. Ngerti ana kanca sing salah dalan ora wani ngomong, alesane ora kepenak. Bener sih, tapi ora pener. 

Mulane bisa diomong Gara Gara tambah perek titi mangsane. Wong jujur siki ora kanggo gawe. Wong sing ngomong apa anane dicap ora sopan. Jere wong urip sing penting kejujurane, tapi ana sing cablaka malah  dimungsuih. 

Nek ngandani tanggane kayanu paling pinter nggawani dalil agama pirang-pirang. Tapi nek ketemu polaeh dewek, agamane ndadak bacin kaya tai ngasu. 

Niate golet duit go nyugihna awake dewek, agama digawe tameng. Nek ana sing nguthik-uthik langsung dicap mungsuh agama. Pantesan bae bocah siki nek kon shalawatan monine kaya kiye

Solat ulih ora solat ulih
Deneng china ora solat sugih...

Dadi ngrusak mental bocah
Ujar-ujare ngibadah kuwe ana hubungane karo rejeki pa..?
Kepriben jal..?


Pokoke
Kabeh agama prentah menungsa jujur, tapi nyatane akeh sing ora teyeng. Wis mangsane siki dewalik. Bocah diwaraih jujur apa anane dimin. Nek wis teyeng blakasuta, nembe diwei ngerti apa kuwe agama...




24 comments:

  1. Lebih baik menjadi orang biasa saja deh, daripada mumet mengartikan yang ini, malah nanti kena senggol.....

    Salam wisata

    BalasHapus
    Balasan
    1. maca liane bae, pak
      timbang mumet mengko...

      Hapus
    2. Yang penting aku gak buat tameng lo Kang.......

      Hapus
    3. tameng kapten amerikanya lagi dipinjem hulk, boleh nggak sih?

      Hapus
    4. nang banyumas anane umaerika...

      Hapus
  2. Sedikit paham sih, tp sulit menjelaskannya dengan kata2...

    BalasHapus
    Balasan
    1. mungkin dengan titik koma lebih mudah Bang.

      Hapus
    2. atau minta Pak Zach untuk mentranslate, itu juga mudah Bang...

      Hapus
    3. ora teyeng
      lik zach anu wis ilang jawane ndeyan..

      Hapus
  3. sing dipengini ya shalat ya sugih ya berkah.
    dadi guli urip kerasa indah. iya tulih?

    BalasHapus
    Balasan
    1. beruntung orang yang bernama Berkah ya Pak, banyak didoakan...

      Hapus
    2. kebutuhan urip sing penting mangan wareg nyandang rapet turune anget. lia-liane nusul...

      Hapus
  4. kepiyeo wae,wong jujur uripe bakal tentrem lan ayem...

    BalasHapus
    Balasan
    1. jujur plus ndableg gawe ayem
      jujur ora ndableg ya mumet dadi omongan :D

      Hapus
    2. enak yang ndableg Pak...dadi omongan mbok ben...suk rak yo jeleh leh ngondho

      Hapus
    3. wong jujur kuwe sing dadi omongan
      nek ora ndableg ya mumet lah

      Hapus
  5. sing penting ora ngyenggol wong liyan

    BalasHapus
    Balasan
    1. senggol bacok ya lik..?
      tergantung lah. kejujuran kadang tentang wong liya
      masalaeh teyeng apa ora wong liya nerima kejujuran kuwe

      Hapus
  6. blokosuto kuwi pancen apik, malah kudu di uri2x ben ati ora mati.

    BalasHapus
    Balasan
    1. tapi gampang ngomonge tok
      nglakonine angel haha

      Hapus
  7. blakasuta pancen oye... sing penting aja nyenggol susu bojo tangga ...

    BalasHapus
    Balasan
    1. nyenggol susu tangga ya ora papa
      asal wani, hahah

      Hapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena