22 September 2013

Bunek Baen

#Banyumasan

Rasane kepengin bali bae padahal mangsane cuti tesih suwe. Tilpun sing jere "mendekatkan yang jauh" nyatane ora patia kanggo gawe. Krungu anake pada reang rebutan hape malah nambaih kangen. Apa maning nek krungu suara mamake tepleng, tambah bunek sing ana.

Pirang-pirang cara nglipur ati, tetep ora bakal tekan dasare. Mung lumayan teyeng kembul menungsa-menungsa koplak nang internet, dadine mandan bisa ngguyu ora ketang kecut. 

Dadi bukti nek rasa tresna kuwe tetep butuh hubungan fisik, ora mung urusan chemistry. Pemlayonan sementara akeh tapi ora bakal bisa nggenteni rasane kumpul keluarga. 

Salah siji sing angel digolet gantine yakuwe petan. Butuh ngobrol akeh alat ceting. Pengin weruh wong ayu gari golet nang prapatan. Pijet-pijetan, ngaduk diuk nang kota. Tapi golet sing teyeng mbeduli uwan urung tau nemu. Takon meng salon malah diguyu jere kon disemir baen apa sisan digunduli.

Mulane nyong teyeng ngomong nek petan kuwe termasuk perhatian kan bojo sing ora "tergantikan". Padahal apa sih angele mbedul uwan? 

Nek sing sepele be angel golet gantine, apa maning sing njlimet kaya gathengan...

Teknologi sing jere gawe urip dadi gampang, nyatane mung alat. Menungsa tetep duwe ati sing butuh emosi. Sabab bungah marem kuwe tekane pancen sekang jero ati sing ora bisa dilombo nganggo teknologi...


Intine
Kangen anak bojo tambane ya mung bali...

39 comments:

  1. cepet cuti kang gek ndang bali ndak selak edaaaaaan...heheee

    BalasHapus
    Balasan
    1. uwane ndak selak tambah....xixiiii

      Hapus
    2. oalaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa Bahasa Jawa Taaa
      Hiks hiks bengong Tralala

      Serenada blogger yang tidak bisa bahasa Jawa

      Hapus
  2. di iling mbok ko setitik mas, kersane bening, opo di tunggoni kanti sabar mengko rak menep dewe. neng mbok menowo dadi segede kristal kae mengko metune...hahahaha

    bunek pancen ndadekke butek pikir,
    horo to.. lagi nyadar yen cinta kuwi asline komunikasi hubungan badan
    mbuh arep petan opo metani seng jelas butuh sentuhan, mulo yen rindu nyanyio lagune sib joss ndang balio sri, hehe

    BalasHapus
    Balasan
    1. wis dalan uripe, lik
      asal aja dadi bang toyib baen lah...

      Hapus
  3. Petan itu memang enak. Apalagi kalau sampek jatuh ketiduran waktu dipetani..

    BalasHapus
    Balasan
    1. pancen koh, nek lagi dipetani sering keturon saking ayeme

      Hapus
    2. dipetani atau dipateni? hhihihhihii

      Hapus
  4. wah jian, rasane kok melu sumedhot to Pak...biasane nek sibuk, wektu 1 sasi kerasa seminggu...muga ndang ketemu keluarga...

    BalasHapus
    Balasan
    1. genah iya. anu wis pirang pirang dina sante terus ndean makane mikire sing ora ora...

      Hapus
  5. rasane jauh dr orang tersayang,,,,
    tersiksa tapi jgn menyiksa mas

    BalasHapus
  6. PANTESan...yang di jogja uring uringan....rupanya yang dihutan lagi petanan cari kutu ya ang?!

    BalasHapus
  7. Ngenes banget, jadi pengen makan sekrup.

    BalasHapus
  8. petan kuwi ora mung arupo njabuti rambut utowo golet tumo, tapi kuwi mono sarono tumuju "mendekatkan yang jauh, menjauhkan yang dekat.
    mosok cipta citra gak diungsikno nek arep ngungkal gaman?

    BalasHapus
    Balasan
    1. diantara semua, kayaknya cuma Pak Raw, Pak Zach dan Mang Lembu yang pernah petan ya...?

      Hapus
  9. tepleng kuwe nek lanang, nek wadon apa?

    BalasHapus
  10. Suasana seperti ini baru terasa pada saat berjauhan ya Kang ? He,,, he,,, he,,,,,


    Salam wisata

    BalasHapus
  11. hhmmm jomblo ya ? kelaut aja sonoh ahaha..

    enggak enggak enggak..
    ya kan kalo ada tilpun kan bisa kangen-kangenannya lewat cium hp masing-masing :D .

    BalasHapus
  12. ckckckc... ndak bisa translate.. yang saya ngerti cuma ini saja "Kangen anak bojo tambane ya mung bali... " kira - kira begini .. pergi demi jajan anak pulang demi indungna budak heheeh...nyerah deh sayah

    BalasHapus
  13. Mbrebes mili Kang mocone..

    BalasHapus
  14. Ora paham... numpang lewat aja deh...

    BalasHapus
  15. duuuh, mengkonon temen rasane ya pak?
    Melaseee....
    Ketuwon jeh...

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena