14 September 2013

Madhang

#Banyumasan

Mbene rong minggu mlebu alas, penyakit ra doyan madhang wis mulai kumat. Padahal pas mangkat wingi, jian lagi doyan-doyane apa bae dipangan.

Ora lagi gemagus milih-milih panganan. Tapi piwe maning wong juragane dapur ora tau beres nek gawe menu. Biyen lawueh iwak banyu terus ngasi jeleh komplen. Basan ganti iwak pitik, isuk sore ora tau ganti. Arep enak kaya ngapaa nek kaya kuwe carane ya mblenger lah.

Mudun kota meng Tamiang pada bae ora akeh pilihan. Nek pengin kumplit kudu maring Tanjung sing wis nyabrang kabupaten. Ora patut banget, pengin madhang mandan enak koh kudu nyupir rong jam.

Nangkene ora masalah adoh thok. Milih warung ya kudu ngati-ati. Tau asal mlebu warunge wong Dayak takon menune apa, disemauri iwek jarku maksude iwak. Ora ngertia iwek kuwe celeng.

Pindah warung liane, jere menune B2. Sempat mandan mikir, masa madhang lawuh sabun colek. Bareng takon, nembe mudeng nek B2 kuwe celeng juga.

Urusan salah mlebu warung kayane wis dadi gawean tetap. Ora nang Kalimantan thok. Nang Jogja sing kesebute kampunge dewek be tau. Wis ngalem-ngalem lesehane maen, antike ngepol kaya pendapa kabupaten, jebule anu dudu rumah makan.

Sapa sing nyangka kuwe umah, wong nangarepe ana tulisane RM Karto Suwiryo
Apa angele sih nulise digawe kumplit, Raden Mas Parto Sontoloyo...

Resiko urip nang paran, semm...


Intine
Paling enak pancen manut apa omonge wong tua
Mangan ora mbayar asal kumpul...


24 comments:

  1. hahahahaha, ho'o kuwi rumah makan raden mas aku ugo sering kejebak. tulisane RM juga , gak tahu singkatan pengnapane backpacker / lha gemana didepan ditulis RM ASIK, tak leboni ga tahune maksute Rodho Sumpek. *penginapan rodho sumpek. hehe

    BalasHapus
  2. lah, nek mangan rasah mbayar asal kumpul sapa sing hora gelem to Pak?

    iwek jebul celeng...xixixi

    tau sarapan nganggo pucuk rotan ga Pak? jare Kalimantan sayur andalane pucuk rotan rebus...

    BalasHapus
    Balasan
    1. basa manyan iwek kuwe celeng ingon. kampung sebelah basane banjar anane iwak artine ya iwak banyu. pucuk rotan ora tau nemu, yu. wis ntek dibabad ndeyan

      Hapus
  3. ha ha..lain kali jangan nyari RM.. tapi yang papannya bertuliskan WM, Warung Makan.. he he Ngga ada bangsawan yang bernama depan WM kan ya, pak ?

    BalasHapus
    Balasan
    1. nek ana malah golet sing tulisane rwn bu...

      Hapus
  4. enyong sih kaya kuwe.
    mangan ora mangan asal mangan

    BalasHapus
    Balasan
    1. mboklah mangan ora mangan asal teyeng ngising..?

      Hapus
  5. Hmmmmm makan ga bayar tapi ngumpul gitu ya Mas???

    BalasHapus
  6. hehe iwek , b2, celeng, wedus balap hora doyan yen daging e kuwi.
    masio tho madhang enak sak dunyo yen menune sak ulan kuwi kuwi bae yo jelh, mblenger, bosen, alias raine dadi mirip panganan kuwi

    BalasHapus
    Balasan
    1. mangan terong terus berarti raine kaya terong..?

      Hapus
    2. sing susah kuwi nek mangan pitik terus, raine dadi ndase pitik

      Hapus
  7. mandhang ora mandhang sing penting kumpul

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena