10 Januari 2008

Budaya Ketok Pintu


Barang sepele tapi sering disepelekna. Sering ndean rika ngalami ana wong mlebu ngumah apa ruangan kerja ora kulanuwun ora ngapa langsung nggawa tumpukan kepentingane kae apa malah nuntut pelayanan. Men kuwe wis dadi kewajibane dhewek misale dadi pelayan masyarakat, tapi nek carane kaya kuwe koh kadang rasane ora nyaman temen.

Apa maning nek dhewek kuwe lagi nggarap apa sing butuh konsentrasi apa keseriusan sing mandan temenan. Ora kur ora nyaman thok, mendhedheg wis genah. Areo ditokna ora patut maring pelanggan, diendheg nang jero ati rasane mungkek. Sing akhire maring pegawean sok dadi kurang bener golih nggarap.

Janjane apa angele sih nek arep mlebu nggone wong nganggo aturan, misale kaya kiye :
1. Kulanunuwun apa assalamungalaikum apa ndhodhog lawang. Nek ana bel ya pejel bel, mbok kegeden nganggo bel ya golet kampak.. Tapi ya sing kira-kira, aja keseron.
Maksude men ora kaget sekaligus aweh kesempatan maring wong sing arep ditemoni men siap-siap mindah perhatian kang sing lagi diadepi maring bakal tamune.
2. Arepa lawange ora dikunci apa malah ora ditutup, enteni nganti wong sing arep ditemoni sadar temenan. Nek urung nylingak apa semaur “monggooo” ya aja mlebu disit. Masalaeh kadang menungsa duwe pegawean sing ndean rahasia go umum atao kadang-kadang disebut privasi. Nek langsung nyelonong disit melas mbok anu lagi mbukaki gambar saru, ngko malah kisinan. Soale nek wong sing rumangsa elit apa pinter tulih sok munafik. Seneng sing kaya kuwe tapi moh konangan wong.

Lah nek wis didhodhog esih uthel bae, ya kudu mandan sabar. Ndean pegaweane isih mandan akeh. Tapi nek nganti ntek udud sebungkus urung semaur, kuwe yakin anu kelalen turu apa pancen aseng gelut. Nek nemu kasus kaya kuwe rika maring kamar mandi bae njukut banyu seember grujugna.

Ora nang kantor thok, nangumah budaya ketok pintu ya perlu. Ora ana salaeh arep mlebu kamar mandi apa kamare dhewek kulanuwun disit. Bocah ket cilik ya kudu dibiasakna kon kaya kuwe. Dadi mbok tanggung lagi gathengan bisa sarungan disit ora ketang atine enek. Jajal nek bocah langsung nyelonong bae…

Kayane ora angel…


rawin konangan

1 comments:

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena