30 Januari 2008

Gemagus Temen Lah


Kesuh banget sedina kiye.. Menungsa koh pada gemagus temen. Anu duwe apa janjane lah..? Apa ujar-ujare nek nggembeleng kaya pacul terus dadi nggantheng apa yah..?

Gudril kiye gara-garane, utek wong didoli dadine ora pada duwe utek. Jal dipikir, menungsa duwe werna-werna mbok anu titipan thok. Ora nrimakna malah digadekna.. Lagi lair ceprot wis langsung gagah ndean..? Jarkua ngesuk mangsane mati ya ora nggawa apa-apa. Mori be anu dienggona nang kayime..

Pikir mengonoh lah seurunge gawe polah maring wong lia. Nek sejatine urip kuwe anu... anu... anu apa yah.. saking eneke malah klalen lah. Wis pokoke menungsa nek dideleng kang bahane be kalah karo pitik. Bahan pitik nang pasar payu larang. Endog siki sekilo be wis 9000.

Lha bahan menungsa..?
Jal nek malem minggu dolan baturaden. Kumpulna olih pirang ember, tawakna nang pasar. Apa ana sing gelem tuku..?

0 comments:

Posting Komentar

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena