04 Januari 2008

Jilbab Go Ngapa


Pirang-pirang dina meng buri, aku tes dolan maring Pangandaran critane. Lha tekan pinggir laut aku ngaso nang taman. Nembe be grok, aku mandan kaget. Nang grusakan kalingane ana bocah sekolah loro lanang wadon lagi asoy. Gumune weruh aku njagong ora adoh kang kono koh malah nyengir thok, boro-boro isin apa kepriwe.

Lha trus bocah lanange menyat lunga, mbuh arep tuku rokok mbuh arep cewok. Pentinge lunga lah kang kono, malah esih kober nitipna bocah wadone meng aku. Lah, aku detitipi bocah lumayan ayu, ya ora moh. Sidane aku ngobrol loroan nangkono. Tapi yakin temenan ngobrol thok, ora gathengan. Ndulit be ora.

Ana siji obrolan sing mandan “menyentuh hati” nek cara inggrise. Kan kue bocah tek takoni, “Mba, apa ora isin, esih nganggo sragam sekolah, krudungan maning. Koh pacaran nang tempat umum?”

Malah mesem karo nabok, “formalitas, mas. Lagi ngetren..”

Urung sempat tek takoni lewih akeh, apa maning ndumil, bocah lanange teka karo kanca-kancane serombongan terus mbuh merad meng ndi.

Aku karo thingak-thinguk dewekan dadi mikir. Mbok sing jenenge jilbab kuwe kewajiban agama. Go nutup aurate wong wadon men ora kenang fitnah. Lha kiye koh semaure jere lagi ngetren, melu-melu kancane. Brati nek ngko kancane padha wudha, dheweke ya melu wudha ndean ya..?

Tek pikir maning, jilbab nek disebut pakaian muslim jane ora pas. Lewih pas nek disebut wong muslim akeh sing nganggo jilbab. Lha nang Timur Tengah sing udu muslim be pada nganggo krudung rapet. Ora wadone thok, lanangane ya melu.

Nek disebut kuwe budaya Timur Tengah ya, menurut aku ora pas. Nang Asia Tengah wong sing urip nang gurun Gobi yang pada krudungan. Dadi kesimpulane, asline jilbab kue sandhangan menungsa sing urip nang padang pasir. Tapi ya mandan bisa dingerteni, soale nek nganggo klambi rape, bisa lewih aman kang pasir sing pada kabur kanginen. Urung sing jenenge nang gurun pasir, panase mbok ngenthak-ngenthak.

Trus nang negarane dewek, aku ndeleng nek diurut kang sisih kulon, Aceh. Jilbab wis dadi klambi wajib go wong wadon nang kana. Kiye caraku malah nyilakani nek nganti disebut jilbab kuwe busana muslim. Lha nang kana tlembuk be jilbaban…

Tambah ngetan tambah arang sing nganggo. Malah nek wis tekan Papua, menungsa klamben be asal ketutupan garan bedhoge thok. Sing wadon kur ditutupi nganggo suket apa tali rapia mbuh urung tau menganah. Tapi koh nang tipi apa berita jarang disiarna berita perkosaan nang daerah kana. Dadi apa bener, nek wong wadon jilbaban kabeh, angka kejahatan seksual meng wong wadon bakalan kuran?

Lha disebut mengikuti mode kuwe karepa kepriwe? Men dadi katon lewih ayu? Pancen menurut aku dhewek, nek wong wadon men mandan kurang ayu nek jilbaban koh dadi tambah manis. Sing katon raine thok sih. Are panuen arep plonthang ora bisa kesawang kang jaba. Tapi ya karo mandan dipikir. Terus terang aku wong lanang ora bakalan ana sing menyat nek kur weruh wong wadon keton rambute. Rambut sirah, lho… wong dijilbabi masa rambut liane… Tapi anakku sing mbarep tapi cilik dewek sok protes nek weruh wong wadon siraeh dikrudungi tapi klambine methet-methet nganti pating pendusul mbuh apane.

Trus sing aku mandan gumun maning, pas ana lomba apa lomboan lah. Anu kontes dangdut nang tipi apa ya, sing dadi juara bocah wadon sing jilbaban. Lha, bar kuwe koh dadi akeh calon-calon artis sing pada melu-melu jilbaban. Dadi nek wis kaya kuwe, dudu agama maning alesane. Tapi go golet simpati penonton men padha ngirim sms. Nek menang kan buntut-buntute olih popularitas sing bisa didadikna duit. Apa kuwe ora padha bae karo adol agama go golet dunya…?

Dadi nek cara aku wis arep klamben arep ora wis ngonoh kepriwe karepa lah, ora susah pada ribut. Nek sing kepengin nganggo jilbab ya sing padha jujur goleh gawe alesan. Aja agama bae sing didol. Melas Gusti Alloh disiliih bae jenengane go kepentingane dhewek. Sing gawe urip rugi sih ya ora tapi mbok yaa nek arep nutupi awak, tutupi disit atine. Diapiki, dadi wong wadon sing sholehah. Dadi ora mubah goleh nukoni bahan lan ora ngelek-eleki agama.

Kepikir mbok, sedulur…? Janjane nek wong wadon gelem jujur. Alesane nganggo jilbab kuwe apa jajal..

Pancen rumangsa wis dadi kewajiban agama.
Men katon lewih ayu. Cara siki ya nganggo jilbab gaul lah…
Pengaruh budaya atawa lingkungan. Melu-melu tangga apa kanca.
Ora ngerti alesane…
Jajal sing rumangsa wadon milih salah siji sing jujur. Nang jero ati bae, ora usah diomongna. Apa maning goleh ngomong nang alun-alun nganggo spiker mesjid. Ora susah… Wong aku be ora butuh jawabane. Go ngapa, kaya marekna sugih mikirna sing kaya kuwe…

rawin moh nganggo jilbab

0 comments:

Posting Komentar

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena