11 Januari 2008

Pikiranku Rubah Gara Gara Ebeg


Mbiyen… lagi jaman esih ora enak, aku tau takon meng kancane sing wis lebih oyoden nang urusan webset karo internet.

“Nek pengin tenar nang internet sih carane priwe lik..?”

“Gampang” Semaure kancaku sing pinter banget, nganti goleh semaur be ora karo nylingak-nylingak acan..Mentheleeeeng bae aring komputer..

“Siji, desaine kudu apik, menarik tur ora mblengeri. Loro, Isine terus diapdet ngetutna sing lagi rame wektu siki. Telu… papat… lima… nganti pitulikur ndean. Tapi mbuh aku anu ora mudheng ya kur manthuk-manthuk thok karo celilian.

Nganti siki aku tesih terus mikir nek omongane kancaku kuwe pancen bener. Nganti pirang-pirang dina meng buri nembe pikiranku rubah bareng ndeleng websete jaran ebeg . Webset ora ana apa-apane blabar plothas, tapi koh rame temen sing pada teka.

Maune aku, ya kanca-kanca mbarang ndean, mesti sok mikir, niat apa ora sih goleh gawe webset? Apa anu gobloge setengah modar? Masa isine buku tamu thok…?

Tapi disebut ora niat, sing due nggal dina online. Disebut bloon nyatane bisa internetan. Nek ditakoni apa ana sing komentar apa goleh nyaut cepet banget kaya ekyune dhuwur. Kur pancen gayane sing sok semblothongan dadi kesane kaya wong bodho. Tapi arep disebut kurang ajar ya ora bisa, lha wong banyumasan pancen kaya kuwe watheke. Ceplas ceplos kurang anggah ungguh tapi anu bener. Jere kuwe nyirina menungsa sing jujur, ora munafik kaya dhewek.

Nek ndeleng kasus kaya kiye, aku dadi mikir. Go golet popularitas nang dunya maya ternyata ora kudu kakehan teori sing werna-werna. Cukup golet komunitas sing sejenis trus sering klayaban nganah-ngeneh ora ketang kur gawe rusuh thok.

Komunitas sejenis..?
Tapi be kayane ora. Wong tek deleng ebeg be sok klayaban meng websete wong luar jawa apa luar negeri. Sing due umah ya sok nanggapi melu mampir meng websete ebeg. Tapi tanggapan kuwe anu positif apa anu kanane bingung, aku dhewek ya ora ngerti. Lha wong nanggone wong eropa nulise jawaan. Kenthir lah…

Kur siji sing so gawe mangkel. Sok nyebut jenenge wong lia nek lagi bigar nggone wong manca. Nek sing urung akrab sih ora papa, lha anu wis edek karo aku nangkono jenenganku disebut-sebut. Ya aku sing di PM, kaya nang kancaku Yaska wong Ukrania.

Tapi ya ora tek semauri werna-werna. Paling aku ngomong, kuwe kancaku pengin wawuh tapi ora bisa basane. Kadang ana sing takon kae wong nulis apa janjane. Aku gole nyemuri seringe ya kaya kiye..

“Ayam sori switi, hi is mai pren wis kenow wit yu bat hi don kenow yur lenguij. Hi say yu is peri nais en byutipul. Suer…..”

Sing lewih heboh maning, wis rong bengi tek tineni buku tamune ebeg malah dadi kaya cetrum pada saut-sautan. Jajal nek ana rongatus juta bae sing kaya kiye, Yahoo kayane kukud gasik.

Aneh bin mumeti pokoke lah. Ndean kiye termasuk salah siji keajaiban dunia maya sing ana nang tlatah banyumas. Sing tek rasa bareng ebeg sering ngamuk, wong-wong multiply banyumaser koh dadi kaya dikumpulna. Padahal ket mbiyen ya wis ana tapi pada urip dhewek-dhewek, ngomonge ya seringe endonesiaan bae.

Dadi ora susah dideleng rubese kaya ngapa nek diamuk ebeg, rasakna bae sisi positipe. Warga banyumas bisa ngumpul, silaturahmine dadi raket, basa ngapak ya dadi merajalela. Kur dadi kebanjur, kaya aku-aku dhewek sok kegawa. Omongan bangsane goblog lan sejenise bisa metu mak ceplok tanpa beban, ora kaya maune. Nyebut wong lia gemblung ya penak banget, ora ana sing kesuh. Jajal wingi-wingi ngomong rika gemblunglah. Ndean diiamuk ntong bersih ya, he he he…

Ketularan kenthir apa yah…?
Tapi pokoke bravo lah go ebeg. Aku seneng duwe kanca jujur kaya rika, ora ketang sering gawe masalah tur usile sing ngudubilah. Aku seneng temenan, yakin. Buktine diwei masalah malah dadi lakak-lakak..?

Maturnuwun, beg… Rika kanca sing paling apik tur paling enak menurute aku, go diempakna nang srandil…. :D

Bravo juga lah go banyumaser kabehan…

0 comments:

Posting Komentar

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena