04 Januari 2008

Penomena Dunia Maya

Isuk-isuk mbene be menyat wis akeh IM mlebu nang YM. Klalen koh mau mbengi ora dipateni YMe. Isine werna-werna, ana sing takon kabar, ana sing nggleweh, ana sing tulung-tulung, sing kurang ajar ya ana. Medang be urung kon ngenet, tek jorna bae lah.

Tapi bareng mbukak IMe sekang Bunda --eh kiye kanca nang Purwakarta-- ndadak mripat sing maune esih sepet dadi mandan mendhelik. Bunda kue wis pirang-pirang ndina sregep banget dadi tukang pos alias comblang. Lha kue ngabari, nek Ocha --kiye bocah Bandung-- tes PM nyritakna isi atine. Gampangane ya curhat lah nek cara bocah siki.

Soal bocah wadon sing jenenge Ocha, aku be mandan bingung jane. Gara-gara sok diskusi dawa-dawa nang Multiply, aku pancen dadi mandan sok ana rasa kepriweeee… maring kae bocah. Kur aku ora kakean omong, tek eleg bae nang jero ati.

Lah wong kur ketemu nang dunya sing ora nyata be, wong sing wis ketemu ndina-ndina be sok ora meyakinkan. Lha… mbalek maring soal IMe Bunda, Ocha jere curhat nek dheweke uga ana ati maring aku. Pertamane ya mandan bungah, koh bisa-bisane klop temen karo sing tek rasa.

Dadi intine pada-pada duwe rasa tapi padha-padha ora wani arep ngedhalaken. Mbuh kenang apa bisa kaya kuwe. Disebut isin wong aku wis kaplak, anak be wis gedhe. Disebut ora wani, ket jaman mbujang aku paling kendhel nek urusan mereki bocah wadon. Tapi bocah siji kie koh mbuh lah… ora mudhengi.

Lewih-lewih bareng Bunda ngabari nek Ocha jere lagi ana nang Cilacap, lagi penelitian nang Kampung Laut mangkat isuk-isuk mruput kang Bandung. Bunda meksa pokoke kudu ditemoni meng Kampung Laut. Nek ora mangkat pokoke ora bakal ngwawuih maning.

Sidane aku mangkat ngiprit menganah. Eh, ndilalah nang dalan udan deres banget. Ora nggawa mantel sidane ngiyub nang gubuk sing wis gari ngenteni rubuh nang alas pines.

---->> disambung ngko… ana telpun aseng mojok

Temenan mbok.. mojok karo bunda nganti 3 jam. Kuping nganti panas, telpun be disambi ngecas mbok mati HPne. Sing diocehna ya ora ana maning seliane Ocha. Eh... malah Bunda karo crita --mbuh crita mbuh nawakna-- adi ipene sing randa anak siji. Tek deleng nang potone pancen apik. Tapi lah... malah kaya wong gemblung kieh.

Mikirna gawean karo anake lanang be urung nemu dalan, kon mikirna bojo. Apa maning anu urung tau ketemu. Kaya karo Ocha, akrabe kur nang internet thok. Tapi mbuh kepriwe koh, bisa-bisane ana rasa seneng sing ngungkuli seneng. Apa ya kiye cirine jaman global sing jere ora mengenal bates.

Aja-aja ngko wong bojo-bojoan be goleh kawin wis ora kudu nang KUA maning. Tapi cukup nganggo YM. Uripe ya ora bareng seumah. Pengin ngobrol gari nelpun apa ceting. Nafkah go urip bojo ndina-ndina cukup transfer kang ngumah nganggo smsbanking. Walah... ketone penak temen ya urip jaman canggih...

Tapi lha... apa wong bebojoan ora pengin gathengan? Lha sih nek kebelet gathengan apa ya bisa liwat komputer? Tapi karo mandan ngalamun gemblung mbok suatu saat bisa ana wong urip kaya kuwe, kayakne koh praktis temen ya..? Wong wadon wis ora kudu ngedhen-ngedhen goleh babaran. Lha wong goleh gathengan be cukup kirim via email, manak ya cukup deprint ndean...

Alaaah... malah tambah nemen gemblunge.
Wis lah... malah dadi pengin...


rawins pengin gathengan

0 comments:

Posting Komentar

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena