17 Juli 2010

Ora Ngapak Keplak


Maap buat yang roaming, post kali ini boleh dilewat yo. Lagi pengen menanggapi tulisan di Kompas tentang ancaman kepunahan bahasa ngapak neh..

-------------------------------------------

Maca nangaring Kompas cetak dina kiye halaman 12, gelem ora gelem aku dadi nlangsa dewek. Nangkono disebutna nek basa Banyumasan termasuk basa sing meh punah. Alesane gara-gara wong Banyumas siki mulai gengsi nganggo basa sing dianggap kasar tur kampungan.

Padahal nek debukak sejarah perngapakan, basa Banyumas pancen asale sekang kultur pinggiran sing didominasi petani karo nelayan. Pancen krasane kasar, tapi justru kuwe cermin kejujurane wong ngapak sing duwe prinsip blakasuta lan apa anane. Persis kaya disebutna nang Kompas mau. Basa ngapak termasuk basa vernakuler sing ora dikodifikasi dadi basa resmi. Dadine lewih bersih sekang telikungan politik kepentingan siang biasane cedek karo urusan kekuasaan.


Wis dadi rahasia umum, nek sing cedek karo urusan kekuasaan mesti akeh sing ora berese. Ana bae sing diuyeg-uyeg nganti jeleh sing nyawang. Golet sing 100% jujur yakin gologokin angele pol. Kuwe bisa dideleng kang aturan-aturan basane. Basa wetanan kaya Jogja Solo sing dadi basa ningrat, caraku ora demokratis tur peodal banget. Sebutan go aku, rika, ramane, luraeh lan seteruse dibedak-bedakaken. Alesane sopan santun anggah ungguh, tapi dadine keton banget nek ana pihak sing olih ngidek pihak liane.

Jal nang basa Banyumas. Aku madang, rika madang, bupatine ya madang. Apa pedah kondisi kiye wis ora pas karo kenyataan siki, dadine basa ngapak dianggep ora aptudit. Mbok rika pada ngerti nek siki logika mau pada dewalik. Bupatine madang, luraeh madang, ning aku karo sebagian rakyate pada kencoten. Sing pada ceplak nganti klalen ra gelem mikirna. Kemplu pancen...

Sing nambah gawe bingung, wong cokan gampang aweh vonis nek kepunahan basa kuwe disebabna sing nganggo wis pada bebeh. Padahal menurut aku, pemrentah juga dowe dosa gede. Deleng bae nang sekolahan sing nglebokna basa daerah dadi muatan lokal. Nangapa nang daerah Banyumas sing diwarahna dudu basa ngapak. Tapi malah kromo inggil dengan alesan kuwe basa Jawa sing wis dibakukan.

Wis ngerti kenyataane kaya kuwe koh kayane urung tau krungu ana sing usul meng mentrine men muatan lokal basa daerah kuwe disesuekna karo basa setempat. Padahal nek tek deleng nang milis Banyumas, isine ya wong gede-gede kabeh. Masa sih ora ana untune babar blash. Jajal nek bisa kaya nang Jogja kayane apik kuwe lik. Nggal dina setu nang kantor-kantor instansi pemrentah diwajibna nganggo basa daerah. Tapi aja nganti salah maning, ko malah sing denggo basa bandhek. 

Forum, milis atawa website ngapak asline akeh banget. Tapi gumune sok ora konsisten. Nganti kang Khamshe juragan ngapak.com tau tek omyang ntong bersih. Wong jerene ngapak.com basane malah akeh Indonesiane. Nek pancen arep narik pembaca non ngapak, ya digawe pirang bahasa, Indonesia, Inggris trus ngapake aja klalen.

Nek disebutna akeh sing wis isin nganggo basa ngapak, kayane ana benere. Tapi nek go aku dewek, asal ketemu karo wong sing mudeng ya tetep ngomong ngapak. Ra urusan dadi guyonan wong liya, wong budayane pancen sejen koh. Nek urusan ngeblog pancen tek akoni wis mandan suwe rung nulis ngapak maning. Soale kanca sing non ngapak lewih akeh, mbok ndarani roming. Tapi nek sing ngomentari wong Banyumas, ya tetep bae ngapak. Apa maning sing nang mulkipli, kayane komen ngapak malah mendominasi.

Apa perlu nganakna lomba nulis artikel ngapak..?
Nek pancen perlu jal mengku Pacul kon dadi panitia. Aja didadikna peserta, mesti menang. Sing penting aja kur mikir lombane tok trus ora ana tindak lanjute. Misale warga ngapak diwajibna gawe postingan ngapak sewulan pisan. Ora ngapak keplak...

Hihihi bodoa ding...
Urusan ngomong koh diatur-atur...
Kaya ana sing nggaji...


17 comments:

  1. Waduh..., aku gak paham neeh...
    Sorry lewat aja ya..?
    Maaf ya aku baru sempat mampir nih, setelah 3 hari libur gak ngenet.

    BalasHapus
  2. Waduh basa apa iki jawa campur sunda yo..!!!
    Kunjungan malam bOZ.

    happy Bloging and slamet bermalam minggu.

    BalasHapus
  3. aku ngerti sedikit. hehehe
    emang org2 sana udh sering ga pake bhsa itu lg??

    salam kenal :)

    BalasHapus
  4. Wah, dulu di kampung saya malah diketawain kalo pake Bahasa Indonesia. Mesti pake basa brebesan. Jadi ngapak ga dianggep kampungan. Tapi anak2 kecil sekarang lebih sering pake Bahasa Indonesia, kosa kata ngapak-nya udah minim banget. Arah mata angin dalam basa jawa aja ga tau.
    *maap, komennya ga ngapak, banyak kosa kata yang beda antara ngapak tegal dan ngapak banyumas*

    BalasHapus
  5. aja kayak kuwe, sing bener bae, nyong ya esih gelem

    BalasHapus
  6. aja nganti ilang ya, ngapak-ngapake

    BalasHapus
  7. Nyong njawabe nang kene bae ya kang.

    Yen kategori, mending dibedakna bae, kan akeh kosa kata lan frasa sing beda (kalimat ini juga pasti beda dengan versi banyumas kan?). Tapi yen masalah peminat mbuh akeh apa ora.
    Oya, yen bener-bener pan (banyumas: arep) gawe lomba, dijelasna tentang tingkat kesopanan. Ben (indo: supaya) peserta bisa milih-milih kosa kata sing (indo: yang) pas lan ora terlalu kasar. Meskipun ngapak, unggah ungguh juga tetep dijaga kan?
    Trus, topik tulisane apa bae? Jurine?
    Yen sida nganakna (indo: mengadakan) lomba, kabar kabari ya! Ngko takbantu promosi lan provokasi nang fb. Ben kanca-kancaku sing cah brebes tegal slawi cilacap pada melu.

    BalasHapus
  8. Setuju kang!
    Inyong due buku judule Banyumasan tapi kelalen sapa sing nulis. Nek wong banyumas di ibartna Adoh Ratu Cedak Watu,.. tapi ternyata basa jawa sing nyata ya basa ngapak kue mau lah,.. angger neng pewayangan banyumas ya kae Bawor/bagong sing nggo simbole wong mbanyumas,.. Blaksuta alias apa anane,.. tapi sing aneh aku pernah krungu nek jerene ana sekang DPRD sing ngusulna simbole wong banyumas di ganti wayang satria aja bawor maning....

    Jan ora melek apa yah!

    BalasHapus
  9. he..he..he.. ngerti dikit. mank bhsa Banyumasan bnaran dah maw pnah y???

    BalasHapus
  10. okedeh... lagi digodog neh konsep lomba nulis ngapaknya. ditunggu ya...

    BalasHapus
  11. ya seora-orane aku duwe blog basa banyumasa lah
    http://maskurmambangr.wordpress.com/

    BalasHapus
  12. kulanuwun kang
    he...he.. banene rame blog-e ya...
    mangsalah ngapak meh punah, nek kuwe aku duwe crita sing gawe bangga lho.
    seora-orane aku melu melestarikan basa ngapak.
    nang kene ganu batir-batirku pada isin (mandan) nanggo basa ngapak.
    tapi banjur tek basani ngapak terus dadine biasa wes ora isin maning.
    nang kene ana sekitar 20an (malah lewih) masyarakat sekang karisidenan banyumas sing aktif nanggo basa ngapak.
    mayuh, pada melestarikan budaya ne ngapak.
    pareng.

    del porto (gudel purwokerto)
    riffai19@gmail.com
    RA-B-06-AW

    BalasHapus
  13. nggih lik..
    mulane lagi pengin gawe hajat lomba ngeblog ngapak kyeh...

    BalasHapus
  14. asline sing kebangeten kuwe wonge dewek jg... nek wis lunga nang kota, biasane nganggone bahasa indonesiaan, padahal ndopokane karo wong sedaerah.. mending nek nganggo bahasa indonesiane maen, medhok ora karuan... ala pisan.. siki tergantung ng dewek, bisa apa ora ngewarisna bahasa ngapak nang anak-anake... matur ksuwun...

    BalasHapus
  15. setuju nemen kwe ben bahasa ngapak tetep ana, nyong pernah maca artikel, sebenere basa jawa sing asli kwe ya ngapak, tapi ding priyayi kraton Mataram diganti burine sing maune nganggo 'A' dadi 'O' jarene ben ana bedane basane wong cilik karo priyayi...

    BalasHapus
  16. Inyong ya asli tegal, tapi kadang gegara kancane akehan beda kota, dadi ora ngomong ngapak. hehe :D

    salam kenang, kang :D

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena