26 April 2008

Teori Prawan Randha

Dina jemuah ndeleng tangga pada semringah, aku dhewek malah sirah cekot-cekot kurang turu. Weruh srengenge kaya weruh pegawe BRI marani pas mangsan order lagi sepi. 

Nglemprak nang eper golet sing isis malah dibrisiki tanggane nyetel pisidi. Sing disetel jeritan hatine Sopsan mawi.
"jangan terong akeh lugute...
...prawan randha ya padha bae"


Hoolah...
Pada bae kepriwe. Nek pada wadone lha ndean iya. Tapi nek ndeleng lakune urip ket mbiyen nganti siki kayane ya ora kaya kuwe.


Jaman esih nguli nang Telkom nek weruh sing mloes terus dilenceri. Genah anu tampange dedel duwel, bocaeh diapeli malah mrenguti, jere raiku maregi. Biyunge kadang lewih njeleih. Tapi nek wis dijak ngobrol takon ngodhe ngendi, trus bisa mbalek kanan grak.

Anake moh be dijejeki men ngancani. Seminggu ora ngeton wis ditakoni werna-werna. Nembe grok be wis disandhingi wedhang. Apa maning nek nyangking jeruk sankis sekilo apa martabak sapisial. Lah wiiiiis... pokoke dunia serasa milik calon mertua.

Mbasan siki, wis nggantheng dadi wong sing bisa pasang tampang ngencoti. Soale bocah wadon seneng weruh sing kaya kuwe, dadi nembe ketemu wis langsung pengin nyaplok apa jajan bakso. Tapi wis tampang ngotaa wong genah nganggur. Arepa ana bocah wadon nguber-uber setengah mati, nek wis ketemu biyunge raine ndadak kaya jarit nembe ditilepi. Boro-boro nggawa buntelan isi pizza, wong dolan be niate arep karo nunut madhang.

Nah...
Crita liane kiye soal watekku sing penyayang anak kecil. Lewih-lewih maring bocah mbarep sing cilik dewek, isuk sore pengine ngelus-elus. Nek weruh bocah cilik apa maning sing ora duwe rama, jan langsung gemes kepengin neot pipine biyunge. Gara-gara ngetutna Kanjeng Nabi eman meng anak yatim, tau nganti bocaeh dipasrahna kon didadekna anak asal biyunge melu diopeni.


Dadi bener teorine Kang Ali, nek ngarah prawan kuwe kudu biyunge sing edeki. Kewalikane nek ngarah randha, kudu anake sing pereki.

Tapi...
Esih ana tapine kiyeh. Mbasan aku mblandhang nang Jakarta, dadi tanggane Lik Ihin. Aku duwe kanca lanang sing tek eman. Nggal dina isuk sore nongkrong nang kandhangku, udud kopi pokoke ora kapiran. Lha, nek wong kuwe lagi lunga kang umah, genti sing wadon bolak balik meng kamerku. Nyilih majalah, njaluk waraih komputer, njujugi panganan, dll dll... nganti nawani pijet mbok boyoke pegel.


Dadi kayane, kang Ali kudu nggawe teori anyar nek pas lagi mulang nang sekolahan. Ora cukup teori prawan randha thok. Dadi nek arep nyosor sing di luar katagori kuwe, kudu mereki sing lanang. 

Tapi ya sekedar teori thok, aja dilakoni (cara aluse ndean dilak*ni...)
Sing gawe urip ora merem.
Dosa...

1 comments:

  1. Yo sokur yen ra kebablasan, eling lan waspodo.
    Gusti ora marengake.Yen nganti nerjang angger2e kasusilan,opahe opo? Doso!
    Jan apik mas, artikelmu.

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena