29 Maret 2009

Wong Lanang Kucing Garong

Sore-sore ana bekas tangga curhat nang telpun. Anu wadon kuwe yakin, kerjane nang arab. Critane kebelet bali ndesa, tapi krungu nek sing lanang nang kampung duwe gendakan maning. Dadi duit kiriman selawase merantau ora ana bekase mbuh pada mlayu ngendi.

Aku ya kur bingung thok. Wong arep bali koh ndadak laporan aku. Emange aku pegawe irigasi sing ngurusi TKW pa? Tapi wong anu karo kanca ya tek rungokna bae apa omongane sing ndadak nganggo acara tangis-tangisan mbarang.

Aku sih ora mbelani wong lanang. Tapi mbok ngerti wong lanang kuwe disebute kucing garong. Dieman kemlithak, ora diurus cluthak. urusan golet duit gari dipasrahna bae sih ngapa. Wong wis dadi tanggungjawabe wong lanang sing jenenge golet rejeki. Wis wani njaluk anak wong ya kudu gelem ngragadi.

Nek kasile kurang ya ditrimakna, tapi ya karo didorong men bisa duwe inisiatip golet tambahan. Aja malah ditinggal merad dewek.

Pancen ora kabeh wong lanang kaya kuwe. Tapi tek deleng, rata-rata wong lanang sing bojone diekspor, gaweane kur udud sinambi leyeh-leyeh nunggu kiriman. Anak dititipna ninine. Tempiling bae sih genah lanangan kaya kuwe.

Emansipasi sih iya apik. Tapi nek kenyataane malah dadi gawe lara wong wadon, go ngapa diterus-terusna. Warang-wurung nang luar negeri ya kur nyapu ngepel gaweane. Kecuali nang kana dadi direktur sih ora masalah. Aku bisa nunut dadi kuline.

Abot temen mbayangna wong wadon adoh anak bojo dadi kesed, sing lanang malah hepi hepi golet gendakan. Apa maning nang arab sing gede resikone gara-gara paham babi haram, babu halal...

Hoalah yu...
Bali bae ngurusi anak. Anak aja ngasi lah dicanthelna wit. Bojo golet maning bae sing bener sing gelem kesel awan bengi men umah-umah sakinah. Awan macul men duwe beras. Bengi ya kon macul maning men duwe bocah.



4 comments:

  1. lah melasi temen ketone uripe ya, dibela2ni nggoletna duit malah kaya kuwe...
    hualah...rumawi...rumawi...

    BalasHapus
  2. hoalah...
    sarmidi sarmidiiii...

    BalasHapus
  3. Mas Rawins, aku ra iso ngomong Banyumasan,nanging tegese aku yo ngerti kabeh.
    O,Allaaaaaaaaah......lha kok mesakne temen.
    Nek aku duwe bojo koyo ngono,halah tak pentung nganggo penggorengan.

    BalasHapus
  4. Hihihi....
    sekali kali belajar bahasa planet dunk...

    BalasHapus

Sebelum membaca jurnal ini mohon untuk membaca Disclaimer dari Blog Rawins. Memberikan komentar dianggap telah menyetujui Disclaimer tersebut. Terima kasih

© 2011 Rawin, AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena